Ayo Padha Tangi! Renungan Harian 1 April 2019

1 April 2019

Waosan : Wahyu 19 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ 416
Nats : “Payo kita padha sumyak-sumyak asukarena, lan ngluhurake Panjenengane!” [ayat 7a]

Wonten satunggal lagu pepujen rohani (Kidung Ria 145) ingkang lirikipun mekaten: Uwes awan, ayo kanca padha tangi… digatekke uripe ana ning endi Pratandane wes cetha, donyane arep sirna… mulane kanca padha tangia Oh tangia.. oh tangia.. Gusti Yesus meh rawuh oh tangia Mula padha elinga uripe diprayitna, mulane kanca padha tangia

Saking kutipan lagu punika kita sami para umatipun Gusti kaengetaken bilih kita, umat pitados punika, nglampahi gesang wonten ing kasunyatan ing alam donya. Pramila tembung ‘tangi’ punika ngemu teges ingkang wigati kangge kita.
Waosan ing Kitab Wahyu punika paring gambaran nalika kutha Babil ingkang dados lambanging kadursilan, ingkang ndadosaken manungsa dhawah wonten ing dosa, sampun kawon dening kayekten. Salajengipun ingkang kumawasa nggih punika Gusti Allah piyambak. Prekawis punika dadosaken para umat ing swarga nuli sumyak-sumyak ngluhuraken Gusti Allah ingkang sampun jumeneng Raja.

Nanging sedaya ingkang sampun kagambarake dening Kitab Wahyu punika (kaunggulanipun Gusti dateng kadursilan) kedah kita sambeti kanthi asukorena, bingah-bingah, gumregah ‘tangi’, cancut taliwanda. Ingkang wosipun (1) bilih kita kedah saged ngawujudaken kayekten, kaadilan, sarta katresnanipun Gusti wonten ing salebeting gesang kita. (2) Kita kedah sadar bilih kasunyatan gesang kita punika wonten ing alam donya mriki, sanes ing swarga ingkang sampun sampurna. Pramila kasampurnan punika tansah kita upadi wonten ing salebeting gesang kita padintenan. Sumangga sami ‘tangi’ saking pasupenan bab gegambaran swarga, kita wujudaken gegambaran kala wau wonten ing gesang kita, temah kaluhuranipun Allah saged kapirsan lumantar lampahing gesang kita para umatipun. Ayo padha tangi! [one-rect]

“Uwong setahun mikir, kalah karo uwong sing sedino ngukir”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak