Waosan : Ayub 42 : 10 – 17 | Pamuji : KPJ 65 : 1 – 3
Nats: “Pangeran Yehuwah banjur ngluwari Ayub saka ing sangsarane“ [ayat 6]
Kasangsaran asring kagambaraken nggegirisi. Ngrisak gesangipun manungsa, ndadosaken manungsa kecalan daya kekiyatan, lan nglokro imanipun. Asring karana kasangsaran menika tiyang ngutamekaken diri, nyuwun dipunwelasi lan dipungatosaken dening tiyang sanes. Nelangsani kasangsaranipun piyambak. Saumpami sedaya tiyang sami nyuwun dipungatosaken, dipuntulungi, lan dipunwelasi tanpa purun migatosaken, mitulungi, lan ngetingalaken kawlasan dhateng sesami tamtu badhe nuwuhaken crah awit saben tiyang namung perduli dirinipun pribadi.
Waosan kita nyerat bilih Ayub ingkang sangsara purun ndongakaken sawetawis rencangipun. Sesarengan kaliyan menika Gusti ngluwari Ayub saking kasangsaranipun. Saking cariyos menika kita saged sinau bilih Gusti ngersakaken dene Ayub ingkang nampi kasisahan taksih tetep migatosaken lan dados lantaran pitulungan tumraping tiyang sanes. Kiyating sesambetanipun Ayub kaliyan Gusti, dados punjering kekiyatan imanipun. Amargi kiyating sesambetan kaliyan Gusti, Ayub saged ngraosaken piyambak katresnan dan panganthinipun Gusti. Kiyating sesambetan kaliyan Gusti ugi tuwuh ing gesanging para mitranipun temah sami ndherek karsanipun Gusti sumadya dipun dongakaken Ayub ingkang langkung sangsara kawontenanipun.
Ayub saged kaluwaran saking kasangsaranipun ugi lumantar para mitra, sanak kadang ingkang sami nglairaken belasungkawa lan panglipuran. Sedaya sami mbiyantu Ayub yatra sakesitah lan ugi setunggal ali-ali emas. Kanthi cara menika Ayub kapitulungan mentas saking kasangsaranipun. Para mitra lan sanak kadang dados lantaran pitulunganipun Gusti dhumateng Ayub.
Saben tiyang nggadhahi kasangsaranipun piyambak-piyambak. Menawi kita ngalami kasangsaran, sampun ngantos menika ndadosaken kita nglokro. Menapa malih namung purun dipungatosaken mboten purun migatosaken. Sinau saking lelampahanipun Ayub lan para mitranipun, kita saged dados berkah karana kita rumaket kaliyan Gusti lan rumaos bilih kita mboten piyambakan. Menawi l wonten sadherek kita ingkang nandang kasisahan, sumangga sami cumadhang dados sedherek utawi mitra ingkang nyarengi lampahipun supados tiyang menika boten rumaos piyambakan. Sumangga sami kersa kaagem Gusti dados lantaraning berkah. [DW]
“Nadyan sangsara, aku kaparingan daya lan guna”