Waosan : Nehemya 9 : 16 – 25 | Pamuji : KPJ 128 : 1 – 4
Nats: “Dene sami lumuh mirengaken tuwin mboten mituhu dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; …” [ayat 17]
Kopi punika pahit! Saben-saben ngunjuk kopi tansah ngundhat-undhat menawi kopi punika pahit. Nanging kenging punapa kok kathah ingkang remen dhateng pahiting kopi? Diundhat-undhat nanging dikaremi! Senadyanta ngundhat-undhat, wonten kenikmatan ingkang katampi lan maringi mareming bathin! Ngundhat-undhat asring katampi kanthi prasangka ingkang ala (negatif thinking , apriori). Prayoginipun mboten tansah mekaten. Adedhasar prinsip: lumantar pahiting kopi kita sinau saos syukur kangge pahiting gesang. Wosipun: kadospundi-a kawontenan ingkang kita alami tamtu wonten prekawis endah ingkang kita raosaken. Pramila tansah saosna syukur! Aja lumuh mirengaken Sabdaning Gusti. Aja lumuh mituhu pepakenipun Gusti. Sanadyan diundhat-undhat!
Perangan kitab Nehemya ingkang kita waos punika wujuding pangundhat-undhatipun Nabi Nehemya dhateng umat pilihanipun Gusti. Umat pilihan ingkang sampun supe dhateng nugrahaning Gusti, karana keblinger; kanthi tumindhak gumunggung saha ngakenaken githokipun sarta mboten mituhu marang pepakenipun Gusti. Nugraha winales pambrontakan; kadosdene “susu winales banyu tuba”. Ing salebeting kawontenan punika Nabi Nehemya ngemutaken umat pilihanipun Gusti. Dados, pangundhat-ndhatipun Sang Nabi punika tumuju kangge kasaenaning umat pilihan. Tumindakipun Nabi Nehemya punika ketingalipun ala, nanging sejatosipun mulya ing ngarsanipun Gusti.
Sampun jamak kita ngundhat-undhat asanes; semah, anak, tiyang sepuh ugi rencang tuwin tetanggi, kanthi sengaja punapa mboten sengaja. Nanging, ngundhat-undhat ing mriki namung damel “senjata” pados kauntungan pribadi (secara egois kangge mareming nepsu pribadi). Kanthi arogan kangge nguwasani gesangipun asanes. Kosok wangsulipun, ngundhat-undhat prayoginipun kita dadosaken sarananing berkah. Kangge mbereg tiyang emut dhateng katresnanipun Gusti. Satemah kanthi legawa nesnrani sesami titahipun Gusti. Punapa malih ing wekdal adven punika, saestu elok menawi kita ndadar diri kanthi ngolak-alik katresnanipun Gusti ingkang sampun kawujud ing dinten Natal, inggih rawuhipun Gusti ingkang badhe kita pahargya sesarengan. Tamtu elok kadosdene gumebyaring lampu-lampu, pernak-pernik ingkang rinengga ing pohon natal.[Onewan]
“Gusti paring sabda kebak sih-katresnan, ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa. Roh Suci mbuka pamireng kula, marengna kawula dumugeng swarga.“