Utusan Renungan Harian 27 Oktober 2018

27 October 2018

Waosan : Yeremia 29 : 24 – 32  |  Pamuji : KPJ 449 : 1 – 3
Nats: “Ngirima piweling marang sakèhing wong buwangan iku : …”[ayat 31a]

Wonten sa’pantha laré SMP ingkang saweg bingung / gupuh. Amargi sami sumerep resleting clana pak gurunipun ingkang dèrèng dipun slèrèkaken. Sansaya gupuh, amargi pak guru punika lumampah badhé mlebet ruang kelas. Wah… saiba gègèr mangké laré sa’kelas, menawi ngantos sumerep kawontenanipun punika. “Rèk, sa’durungé pak guru mlebu kelas kudu ènèk sing ngélingné… Ndang Bud, awakmu sing ngélingné”, wonten salah satunggal ingkang celathu mekaten.“Iya Bud, endang Bud, selak pak guru mlebu kelas”, kanca – kancanipun sarujuk menawi Budi ingkang ngèngetaken.Sa’èstu, mbok bilih kirang tigang jangkah badhé mlebet kelas, Budi mlajeng, ngendheg lampahipun pak guru. “Nyuwun sèwu, pak guru.. slèrèkanipun clana mbikak”, Budi matur kanthi ngatos – atos.Senaosa kados pundi pak guru kedah dipun èngetaken. Tinimbang mangké malah ndadosaken gègèr lan pak guru-nipun kawirangan. Mila Budi krenteg mlajeng ngèngetaken, senaosa punika beresiko.

Yeremia ugi tampi tugas ingkang boten ènthèng, inggih punika ngèngetaken tiyang – tiyang ing buwangan sesambetan kaliyan wontenipun pawartos doracara, pawartos ingkang boten leres saking tiyang ingkang ngaken naminipun Semaya. Padahal pawartos lepat punika ngremenaken manahipun tiyang – tiyang ing buwangan. Nging senaosa piweling ingkang dipun bekta Yeremia mangké ndadosaken tiyang – tiyang ing buwangan kuciwa, Yeremia kedah tetep bidhal, awit Gusti Allah piyambak ingkang ngutus.Minangka utusan, Yeremia tetep nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti Allah, senaosa sedaya punika resiko-nipun ageng.

Sami kaliyan Yeremia lan Budi, kita minangka tiyang pitados ugi dados utusan – utusanipun Gusti. Inggih punika mbabar kayektèning (kebenaran) Injilipun Allah ing pigesangan. Senaosa kados pundi kawontenanipun, senaosa beresiko, sampun sa’mesthinipun menawi kita lampahi gesang minangka utusanipun Gusti ing jagad punika. Menawi wonten ingkang lepat nggih dipun èngetaken kanthi katresnan murih sedaya saé lan wilujeng. [wn]

“Padha cumadhanga mujudaké urip dadi utusané Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak