Waosan : Obaja 1 : 17 – 21 | Pujian : KPJ 123 : 1, 2
Nats: “Wong-wong Israel kang kagawa menyang ing pambuwangan, bakal ngebeki tanahe wong Kanaan nganti tekan Zarfat, sarta wong-wong Yerusalem kang digawa menyang pambuwangan kang ana ing Zefarad, bakal padha ngebeki kutha-kutha ing tanah Negeb.” [ayat 20]
Sinetron taksih dados tontonan ingkang awet sanadyan kathah tontonan lan hiburan. Sinten ingkang mboten mangertos sinetron ingkang tayang rikala semanten lan sinetron-sinetron kekinian. Wonten sinetron “Si Doel Anak Sekolahan; Keluarga Cemara; Tersanjung; Tukang Bubur Naik Haji; Anak Langit; Para Pengabdi Istri; Dunia Terbalik; lsp”.
Menawi dipunraosaken, wonten bentenipun sinetron rikala semanten lan sapunika. Rikala semanten, sinetron punika ngemu pesan moral ingkang kiyat. Dene sinetron kekinian ingkang penting laris manis sarta dipunremeni. Malah kadhang kala caritanipun mboten masuk akal. Menawi rumiyin mesti dados pitakenan bab alur caritanipun karana asring mboten kanyana. Dene sinetron sapunika aluripun gampil sanget dipunbedhek. Ananging tetep kemawon taksih kathah ingkang nggandrungi.
Bangsa Edhom punika tedhak turunipun Esau. Esau ingkang sampun ngganggep remeh hak putra sulung. Sifat dhendham lan iri dhumateng Yakub, ndadosaken Esau ngantos tedhak turunipun ngupados dados bangsa ingkang rosa. Dene kosok wangsulipun Israel minangka bangsa pilihan ingkang dados tedhak turunipun malah karaos sangsara gesangipun. Ananging kahanan punika mboten langgeng. Israel badhe murugaken kawilujengan lan karaharjan kados ingkang kaserat ing kitab Obaja punika. Sedaya karana Gusti Allah ngukuhi janjinipun dhumateng bangsa ingkang sampun kapiji.
Mekaten ugi kaliyan lampah pigesanganing manungsa. Pancen gesang punika misteri kangge kita. Ananging menawi gegayutan kaliyan janjinipun Gusti, tamtu mboten badhe dados misteri kangge pandherekipun. Aluripun saged dipunbedhek, sanget cetha. Janjinipun Gusti mesthi dipuntetepi. Mila mangga nglajengaken lampah gesang kanthi optimis. Menawi saweg nglokro karana mawarni-warni pacoben mangga sami ngukuhaken janjinipun Gusti ing batos. Berkahipun, panganthinipun, sih putulunganipun mesthi kalampahan nyata ing gesang kita.[PKS]
“Janjinipun Gusti kadya surya kang sumunar ing wanci enjang”