Waosan : Obaja 1 : 1 – 9 | Pamuji : PKJ 335 : 1, 4
Nats: “Sanadyan sira mabur dhuwur kaya manuk garudha, malah sanadyan susuhira ana ing antarane lintang-lintang, Ingsun iya bakal ngudhunake sira saka ing kono, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah” (ayat 4)
Titanic kapal ageng lan sampun kasuwur cariyosipun. Kapal punika dipundamel tahun 1909 lan rampung tahun 1911. Titanic saged ngangkut 2.224 penumpang lan nggadhahi desain paling canggih ing masanipun. Thomas Andrews ingkang ngrancang Titanic ngunggulaken kapal punika lan paring sesumbar, “Kapal punika mboten saged kerem sanaosa Gusti Allah ingkang tumindak”. Ananging Tahun 14 April 1912, wonten pelayaran wiwitan, Titanic kerem nabrak redi es ing tengahing samudra. Korban mboten slamet ngantos 1.514 kalebet Thomas Andrews.
Ing cariyos bab Titanic punika negesaken bilih manungsa menika ringkih. Ingkang mboten saged ngendelaken pikajengipun piyambak. Senaosa saged ndamel pakaryan ingkang ageng, punika kawujud karana Gusti Allah nyarengi lan mberkahi. Dados mboten wonten ingkang saged kaagunggaken ing gesang kajawi Gusti Allah piyambak.
Gusti Allah, paring wahyu lumantar Obaja bilih badhe merangi bangsa Edom. Bangsa ingkang adigang adigung adiguna karana ngadhahi panguwaos lan saged ngasorake Israel. Edom rumaos kuat kados dene garudha karana nggadhahi tiyang wicaksana ugi pahlawan ingkang saged kaunggulaken. Ningali Edom ngendelaken kekiyatanipun piyambak, Gusti Allah mboten remen lan kersa ngukum bangsa punika lan ngangkat Israel ingkang diasorake. Perkawes punika supados para bangsa mangertos bilih sadaya pakaryan saged kabangun karana saking Asmane Gusti Allah. Tanpa Gusti punapa mawon mboten saged langgeng.
Mekaten ugi lajunipun gesang kita padintenan. Sadaya saged kalampahan kalayan adi karana pakaryanipun Gusti Allah. Kita saged gadhah nggriya karana Gusti Allah, nyekolahke putra karana Gusti Allah, nyambut damel kanthi sae karana Gusti Allah, mujudaken katentreman karana Gusti Allah, nuwuhaken gesang sayuk rukun ing patunggilan karana Gusti Allah. Pramila sumangga kita sami ngendelake Gusti Allah ing sedaya perkawis. Amin [ven]
“Aja Rumangsa Bisa, Nanging Bisaa Rumangsa”