Tahun Gerajawi : Bulan Ekumene
Tema : Antar Sesama Ciptaan
Bacaan Alkitab : Kejadian 2 : 8 – 15
Ayat Hafalan : “Engkau yang menumbuhkan rumput bagi hewan dan tumbuh-tumbuhan untuk diusahakan manusia” (Mazmur 104 : 14)
Lagu Tema :
- “Kambing Embek-Embek”
- Kidung Ria 45 “Semesta Bernyanyi”
- KPJ 385 “Srengenge Nyunar”
Penjelasan Teks
Tidak ada yang bisa memastikan dimana taman Eden itu berada. Dari segi etimologisnya (arti kata berdasarkan asal usul kata tersebut), kata ‘Eden’ kemungkinan besar berasal dari bahasa Sumeria-Akkadian edinu yang artinya “tanah datar, padang rumput, padang belantara”, yang sering dihubungkan dengan suatu tanah datar yang terletak antara Tigris dan Efrat di Mesopotamia Selatan. Keterangan ini memang belum cukup untuk menentukan posisi konkrit Taman Eden itu sendiri. Namun, paling tidak kita bisa mendapatkan sedikit gambaran bahwa tanah Eden adalah sebuah tanah datar.
Apa yang digambarkan oleh Alkitab, Taman Eden adalah sebuah gambaran kondisi alam yang sempurna, apalagi ditambah dengan dialiri beberapa sungai. Ada istilah yang mengatakan, ada sungai ada kehidupan. Ingat berpisahnya Lot dan Abraham yang mana Lot lebih memilih tanah yang berlimpah air, sedangkan Abraham mendapatkan sebaliknya (Kejadian 13:10-12).
Kehidupan yang baik, seperti yang digambarkan dengan keadaan Taman Eden ini, perlu untuk ditata dan dirawat. Tugas merawat itu diberikan Tuhan Allah kepada umatNya. Ini bukan tugas yang mudah. Nyatanya saat ini banyak umat Tuhan yang gagal mengemban tugas menjaga bumi. Perusakan ada dimana-mana. Kiranya tugas ini juga setia kita tanamkan kepada anak-anak kita.
Tuntunan Ibadah Anak Balita
Tujuan : Anak dapat menceritakan bahwa hewan dan tumbuh-tumbuhan adalah sesama ciptaan Tuhan.
Alat Peraga : Pamong dimohon mencarika gambar Taman Eden.
Pendahuluan
Anak-anak sing ditresnani Gusti Yesus,
Sapa sing nate dolan ing taman? Ing taman ana apa wae ya? Coba padha sebutna! Ana kewan kayata kupu, semut, walang, iwak. Ana uga tanduran, kayata suket, kembang, wit-witan lan sapiturute. Wah merga anane kewan lan tanduran mawarna-warna iku, taman dadi apik banget lan akeh uwong kang seneng dolan menyang taman ing endi-endi papan.
Inti Penyampaian
Anak-anak sing ditresnani Gusti Yesus,
Ing Kitab Suci iku dicaritakake Gusti Allah makarya taman kang aran Taman Eden. (karo nduduhake gambar Taman Eden). Taman apa anak-anak? Taman E-D-E-N. Taman iki apik banget. Coba deloken gambar iki! Ing taman iki ana apa wae, coba sebutna! Ya…. Ana akeh banget kewan sarta tanduran. Uga ana manungsa kang mbudidaya lan ngopeni taman iku mau. Ing satengah taman iku ana kali kang cacahe papat.
Ana PISON, GIHON, TIGRIS, EFRAT. Coba balenana bareng-bareng! PISON, GIHON, TIGRIS, EFRAT. Yen panggonan cedhak kali iku ateges tanduran seger-seger lan kewan-kewan ora nganti ngelak, amarga cukup banyu. Tamane dadi subur lan endah.
Penerapan
Anak-anak sing ditresnani Gusti Yesus,
Akeh kewan sarta tanduran kang mbantu uripe manungsa. Ana kewan lan tanduran sing iso dimaem, ben awake dewe sehat. Ana kewan sing iso didadekke kanca, kayata kucing lan asu. Sing perlu dimangerteni dening anak-anak, kewan sarta tanduran iku uga ditresnani dening Gusti. Mula awake dewe iya kudu belajar nresnani lan ngopeni kewan sarta tanduran ing sakiwa tengen kita.
Aktivitas
Anak-anak nyebutna tanduran lan kewan kanthi pambiyantu pamong kang maringi kalimat kunci :
- Aku apa ya? Aku iki kewan? (mandheg sedhela). Sikilku papat? (mandheg sedhela). Mlakuku mlompat-mlompat à (Anak-anak njawab)
- Aku apa ya? Aku iki tanduran? (mandheg sedhela) Wernaku ijo? (mandheg sedhela). Aku iso dimaem? (mandheg sedhela). Aku senengane Popay? à (Anak-anak njawab) BAYAM
- Dst (pamong namabh luwih akeh maneh pitakonan).
(tambah apik yen pamong nyiapke gambar-gambar sing ditebak lan didudohake bocah-bocah sawise njawab utawa pas uga ora iso dijawab)
Lagu Tema : WEDUS EMBEK-EMBEK
Wedus embek embek
Kucing meong meong
Kodhok teot teblung (teot teblung )
Nanging putrane Gusti
Bingah asukerana
Memuji haleluya
TUNTUNAN IBADAH ANAK PRATAMA
Tujuan : Anak dapat menceritakan bahwa hewan dan tumbuh-tumbuhan adalah sesama ciptaan Tuhan.
Alat Peraga : Pamong mencarikan gambar
- Gambar pitik lan manfaate (endog, ayam goreng, kemoceng, topi wulu pitik dll)
- Gambar wit klapa
Pendahuluan
Anak-anak sing ditresnani Gusti,
Awake dhewe kudu ngucap sokur ing ngarsane Gusti, awit Gusti Allah wus akarya jagad saisine sing apik iki. Sapa mau sing budhal menyang greja ndelok ana manuk, kupu, capung padha mabur? Utawa padha ndelok wit-witan sing goyang ngiwa nengen keterak angin? Apik banget ya… Gusti Allah iya nate mapanake manungsa, kewan lan tanduran ing papan panggenan sing elok banget, aran Taman Eden.
Inti Penyampaian
Bocah-bocah sing ditresnani Gusti,
Ing taman iku ana wit-witan kang akeh banget jenis lan cacahe (ayat 9). Kanggo apa tanduran samono akehe cacah lan jenise iku? Supaya taman iku tetap endah sarta lestari. Apa maneh, tanduran-tanduran sing iso dimaem iku kanggo kabutuhaning manungsa. Saya cetha yen awake dhewe maca ayat 19, ing Taman Eden Gusti Allah uga akarya/ nggawe kewan-kewan uga. Saya komplit anane taman Eden iku.
Ing taman iku, Gusti Allah kepengen manungsa, kewan, tanduran iso urip bebarengan kanthi rukun. Dene Gusti Allah maringi tugas tumrap manungsa supaya nresnani lan ngopeni tanduran sarta kewan kabeh kuwi mau (ayat 15). Apa maksude Gusti ndhawuhi manungsa nresnani lan ngopeni kewan lan tanduran? Supaya kewan lan tanduran iku iso lestari, amarga loro-lorone uga ditresnani Gusti kaya dene awake dhewe. Apa maneh kewan lan tanduran iku migunani tumrap uripeng manungsa.
Penerapan
Bocah-bocah sing ditresnani Gusti,
Ing dhuwur awake dhewe wis mangerti yen tanduran lan kewan iku migunani tumrap uripe manungsa, kayata pitik. Coba pitik iki iso mbiyantu ngasilake apa wae kanggo manungsa. (Dhelokake gambar). Pranyata, pitik iso dijupuk daginge, endhoge, wulune uga kanggo sulak lan hiasan. Biyuh… atase pitik mawarna-warna wujud pitulungane kanggo uripe dhewe. Mula sepisan maneh, ayo dilestareake tanduran sarta kewan-kewan ing sakiwa tengen kita. Senajan kewan lan tanduran iku iso urip tanpa manungsa. Malah manungsa sing ora bisa urip tanpa kewan lan tanduran.
Aktivitas
Gambar wit klapa dicopy lan dibagi ing kelompok. Anak-anak disuwun nulis ing kelompoke dhewe-dhewe, apa wau gunane wit klapa iku (godhong, wit, oyod, woh, lsp).
Lagu Tema : Kidung Ria 45 “Semesta Bernyanyi”
TUNTUNAN IBADAH ANAK MADYA
Tujuan:
- Anak dapat menceritakan bahwa hewan dan tumbuh-tumbuhan adalah sesama ciptaan Tuhan.
- Anak dapat membiasakan diri untuk merawat hewan dan tumbuhan yang dimilikinya bersama dengan keluarga.
Alat Peraga
- Tanduran anggrek
- Media tanam :
-
- Pot/ sabut klapa
- Watu cilik-cilik
- Areng dikethok cilik-cilik
- Kayu cilik kanggo nyangga
- Tali kanggo ngiket.
Catetan : Yen kangelan golek anggrek iso nandur tanduran liya kanthi cara sing pas karo tanduran iku mau.
Pendahuluan
Anak-anak sing ditresnani Gusti,
Awake dhewe kudu ngucap sokur ing ngarsane Gusti. Awit Gusti Allah wus akarya jagad saisine sing apik iki. Sapa sing mau budhal menyang greja ndelok ana manuk, kupu, capung padha mabur? Utawa padha ndelok wit-witan sing goyang ngiwa nengen keterak angin? Apik banget ya…. Gusti Allah iya nate mapanake manungsa, kewan lan tanduran ing papan panggenan sing elok banget, aran Taman Eden.
Inti Penyampaian
Anak-anak sing ditresnani Gusti,
Ing taman iku ana wit-witan kang akeh banget jenis lan cacahe (ayat 9). Kanggo apa tanduran samono akehe cacah lan jenise iku? Supaya taman iku tetap endah sarta lestari. Apa maneh, tanduran-tanduran iku dimaem, kanggo kabutuhaning manungsa. Saya cetha yen awake dhewe maca ayat 19, ing Taman Eden Gusti Allah uga akarya/ nggawe kewan-kewan uga. Saya komplit anane taman Eden iku.
Ing taman iku, Gusti Allah kepengen manungsa, kewan, tanduran iso urip bebarengan kanthi rukun. Dene Gusti Allah maringi tugas tumrap manungsa supaya nresnani lan ngopeni tanduran sarta kewan kabeh kuwi mau (ayat 15). Apa maksude Gusti ndhawuhi manungsa nresnani lan ngopeni kewan lan tanduran? Supaya kewan lan tanduran iku iso lestari, amarga loro-lorone uga ditresnani Gusti kaya dene awake dhewe manungsa iki. Apa maneh kewan lan tanduran iku migunani tumrap uripeng manungsa.
Penerapan
Anak-anak sing ditresnani Gusti Yesus, tugas iku ora mung kanggo manungsa wiwitan. Ananging uga kanggo anak-anak kabeh. Ayo padha sinau ngopeni lan nresnani kewan sarta tanduran ing sakiwa tengen kita. Saiki ayo padha sinau nandur anggrek. (pamong iso nyebutake jenis-jenise anggrek)
Anggrek iku kagolong tanduran epifit. Tanduran sing kepiye iku? Anggrek dadi tanduran sing iso urip ora kanthi sarana lemah, ananging nempel marang media kaya ta sepet, areng, kayu lsp. Anggrek iso golek panganan saka banyu lan hawa sing ngandhung karbondioksida. Ana sing penasaran piye carane nandur lan ngopeni anggrek?
- Cara nandur anggrek :
-
- Watu cilik-cilik ditata ing pot kira-kira sepertiga bagian, dhuwure diisi areng. Yen nganggo sepet, njerone sepet langsung diisi areng.
- Anggrek banjur dipapanake ing tengah pot/ sepet.
- Supaya jejeg banjur ditaleni ngiwa-nengen karo penyangga
- Cara ngopeni anggrek?
-
- Anggrek diparingke panggenan sing kena sinar matahari.
- Dijaga ben ora garing lan ora becek. Disiram 2-3 dina sepisan.
- Diparingi rabuk cair lan disemprotake ing oyode.
Aktivitas : Nandur Anggrek
Lagu Tema : Kidung Ria 45 “Semesta Bernyanyi”