Waosan : Purwaning Dumadi 32 : 3 – 21 | Pamuji : KPK 157
Nats: “Krungu aturé para kongkonan mau Yakub wedi banget. Para baturé, mengkono uga wedhusé gèmbèl lan wedhus jawa, sapi lan untané dipérang dadi rong pantha.” [ayat 7]
Limrahipun tiyang ingkang rumaos ajrih sanget ngadhepi bebaya ingkang wonten ing ngajenganipun, tiyang lajeng murungaken lampahipun majeng. Supados boten ngantos katempuh ing bebaya menika lajeng tiyang mbalik utawi nyimpang margi. Nanging boten mekaten ingkang dipun tindakaken dening Yakub. Piyambakipun rumaos ajrih sanget, nanging tetep majeng. Piyambakipun boten nyimpang margi. Piyambakipun boten saged mbalik margi wangsul malih.
Ketingalipun Yakub saestu gemeter mireng kabar bilih Esau, kakang masipun, mapag piyambakipun kanthi prajurit sekawan atus tiyang. Kamangka, rombonganipun Yakub namung sawatawis, boten ngantos satus. Yakub tamtu kengetan dhateng tumindakipun nalika “ngrampas” berkah pambarep kagunganipun Esau saking Iskak, bapakipun. Pangintenipun Yakub, Esau mesthi taksih kagungan raos pangigit-igit, sengit dhateng Yakub. Kanthi prajurit 400 tiyang menika Esau mesthi badhe numpes Yakub lan sedaya ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun.
Ewasamanten, Yakub boten nyimpang margi. Piyambakipun mbudidaya pangrekadaya. Sepisan, Yakub utusan abdinipun ngrumiyini lampah kapurih manggihi Esau. Kalih, Yakub mérang rombonganipun dados kalih pantha. Tiga, Yakub ndedonga nyuwun pitulunganipun Gusti Allah. Sekawan, piyambakipun ngintun atur-atur dhateng Esau lumantar utusanipun. Para utusanipun sami nindakaken piwelingipun Yakub. Gusti Allah tamtu myarsakaken pandonganipun Yakub. Wusananipun kacariyosaken bilih Yakup kapitulungan dening Gusti Allah (Pur. Dumadi 33: 4).
Cetha bilih Gusti Allah mitulungi tiyang ingkang mbudidaya ngatasi raos ajrihipun ngadhepi bebaya. Pramila, menawi kita saweg rumaos ajrih ngadhepi pepalang ing ngajeng, sampun kèndel, sampun ngéndhani pepalang. Nanging ingkang katidakaken: mbudidaya lan ndedonga. Gusti mesthi mitulungi. [st]
“Aja kalah karo pepalang! Mbudidayaa! Gusti mesthi mitulungi.”