Waosan: 2 Babad 29: 1-19  | Pamuji: KPK 165: 1
Nats:
“Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningale Yehuwah, ngetrepi apa kang dilampahi dening Sang Prabu Dawud, kang eyang.“ [ayat 2]

Ing Dusun Wringin, Desa Jatipasar, Trowulan-Mojokerto, kathah  pengrajin patung ingkang sampun dangu nlateni pedamelan punika. Kirang langkung 2000 tahun kepengker leluhuripun para pengrajin punika sampun ndamel reca saking sela. Senaosa jaman sampun gilir gumantos, ananging tetep kemawon para pengrajin punika kepengin nglestantunaken padamelan ingkang sampun dipun wiwiti dening para leluhuripun supados mboten sirna. Saestu pepenginan ingkang sae, awit para generasi penerus punika tansah kepengin nguru-uri  warisan para leluhur ingkang saestu sae lan endah.

Hizkia jumeneng ratu wekdal taksih yuswa 25 taun. Senaosa taksih timur ananging saged dados sisirahipun bangsa Israel kanthi sae ngantos 29 taun laminipun. Minangka ratu, Prabu Hizkia saged nindakaken punapa ingkang leres wonten ing ngarsanipun Gusti, kados punapa ingkang dipun lampahi dening ingkang eyang, nggih punika Prabu Dawud. Lampah gesangipun prabu Dawud ingkang leres wonten ing ngarsanipun Yehuwah, punika ingkang dipun warisi dening Prabu Hizkia (ayat 2). Sejatosipun mboten namung bab ingkang sae ingkang dipun warisaken dening para leluhuripun, ananging ugi wonten bab ingkang awon inggih punika tumindak mboten setya dhumateng Gusti (ayat 6, 7), satemah bangsa Israel kenging bebendune Yehuwah (ayat 8, 9). Endahipun Prabu Hizkia saged milih lan nglajengaken punapa ingkang sae, sarta mbucal ingkang awon.

Para sedherek kinasih, sejatosipun kita punika ugi nampi warisan tata caraning gesang saking para leluhur. Sumangga ingkang sae kita uri-uri, ingkang mboten leres nggih dipun tilar kemawon. Salajengipun, minangka tiyang sepuh kita ugi badhe ninggali warisan tata caraning gesang. Sumangga kita warisi anak-putu kita tata caraning gesang ingkang sae lan leres wonten ing paningalipun Yehuwah. Supados anak putu kita mangke tansah gesang kanthi leres wonten ing paninggalipun Yehuwah, satemah mboten kenging bebendunipun Sang Yehuwah. [GL]

“Tata caraning urip dadi warisan kang ora bakal sirna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak