Waosan : Wahyu 2 : 1 – 7 | Pamuji : KPK 165
Nats: “Nanging ana saprekara sing ora Daksenengi: Yakuwi enggonmu wis ninggal katresnanmu sing kawitan.” [Ayat 4]
Pak Borot manahipun sisah sanget awit putranipun ingkang mbarep aran Borut kelulusanipun ing perguruan tinggi dipun wurungaken. Kelulusanipun Borut dipun ulur (tunda) awit tugas akhiripun nyonto garapanipun tiyang sanes saking universitas sanesipun. Borut saged lulus menawi nggarap malih tugas akhiripun ingkang asli garapanipun piyambak.
Jaman samngke punika kathah ingkang palsu. Gigi palsu, rambut palsu, uang palsu lan ugi uwos ingkang palsu. Jaman samangke kathah tiyang ingkang pinter ndamel barang-barang palsu. Lan malah wonten serat nikah, KTP, SIM ingkang palsu. Ingkang nggegirisi punika bilih ing salebeting bale griya katresnanipun ugi palsu. Ketingalipun rukun ananging kebak cecongkrahan.
Pasamuan ing Efesus ugi dipun emutaken supados nggadhahi katresnan ingkang tulus, lan mboten gesang kanthi lamis (munafik). Ketingalipun ing wiwitan pasamuwan Efesus sami nandukaken katresnan ingkang tulus lan nyata. Warga satunggal lan satunggalipun sami sawang-sinawang, sangkul-sinangkul, tulung-tinulung. Nanging saya dangu, katresnanipun ical, mboten sami nggatosaken warga satunggal lan satunggalipun. Menawi katresnanipun ketingal taksih wonten, katresnanipun menika mboten tulus, amargi kepeksa, namung dados kuwajiban; katrenanipun mboten tuwuh saking lebeting manah, namung maujud ing tata lairipun kemawon.
Sumangga kita sami mbabar katresnan ingkang tulus awit punika ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Lare-lare wiwit alit saged dipun wulangi nggatosaken tiyang sanes ingkang kekirangan lan ugi gesang rukun lan kebak karesnan kaliyan sedherek lan kanca-kancanipun awit punika ingkang dipun kersakaken dening Gusti. Ingkang perlu dipun tindakaken mboten namung ngulungaken pitulungan, nanging memahami panandhang/ kasangsaranipun tiyang kesrakat. Satemah pitulungan ingkang dipun ulungaken saestu dados wujuding katresnan ingkang tulus, ingkang tuwuh saking jroning kalbu. Amin. [Ari]
Katresnan ingkang tulus ndadosaken katentreman