Waosan : 2 Petrus 1 : 1 – 11 | Pamuji : KPK 78 : 1 – 2
Nats: “…tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih”[ayat 10]
Menawi kita sami nggatosaken adicara seleksi murid/mahasiswa/pegawai enggal, biasanipun kathah ingkang katimbalan, ananging mboten sedaya pinlih lan katampi dados murid/mahasiswa/pegawai. Purbawasesa ingkang namtokaken sinten ingkang kapilih lan tinimbalan wonten ing astanipun ingkang nimbali lan milih. Menawi saged tinimbalan lan pinilih biasanipun bingah sanget.
Ngengeti ewetipun dados tiyang ingkang tinimbalan lan pinilih, pramila menawi sampun tinimbalan tur pinilih kedah tansah mbudidaya supados saya kekah ing timbalan. Bab menika ugi kelampahan ing babagan karohanen.
Kita sampun tinimbalan lan pinilih lumantar Gusti Kita Yesus Kristus. Awit saking menika kita kedah sos sokur, srana anggen kita mempeng mbudidaya supados kapitadosan kita kawuwuhan ing kautaman sarta kautaman kita kawuwuhan ing kawruh, kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni diri, ngemudheni diri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid, mursid kawuwuhan tresna dhateng para sedherek, tresna dhateng sedherek kawuwuhan tresna dhateng sedaya tiyang.
Timbalan lan pilihan kita saged kemawon ngalami reribet lan pepalang warni-warni, ingkang murugaken kita dhawah. Ing kawontenan ingkang mekaten menika, Rasul Petrus ngengetaken bilih tumindak ingkang paling sae inggih menika nedahaken bilih gesangipun tansah tuwuh mboten namung ing babagan pangertosan keimanan ananging ugi ing babagan praktek gesang padintenan. Timbalanipun Gusti Allah kaandharaken dhateng tiyang dosa ingkang purun mratobat lan ingkang sagah badhe tansah setya ndherek Gusti Yesus.
Saestu rahayu menawi kita tiyang Ksristen tansah bakuh lan kukuh ngugemi timbalan lan pilihan kita, matemah kita dados tiyang Kristen ingkang mboten namung katimbalan ananging ugi pinilih. Amargi, pinilih menika ateges kagatosaken linuwih. Amin [SS]
“Gusti, sembahnuwun Paduka karsa nimbali kawula dados pilihan Paduka.”