Waosan : Markus 13 : 32 – 37 | Pamuji : KPK 158
Nats: “Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.” [ayat 33]
Gesang ing kitha ageng kados Surabaya kedah waspada lan ngati-ati, karana asring kedadosan tumindak kriminal. Wiwit saking maling sepeda motor, maling piranti mobil, jambret perhiasan, ngantos rampok ing griya-griya. Bab punika tamtu ndadosaken masyarakat rumaos kuwatos lan ajrih. Lingkungan ingkang dipun ajeng-ajeng ayem tentrem lan aman nyatanipun malah dados lingkungan ingkang tingkat kriminalipun ageng. Sapunika boten saged dipun bedhèk kapan tiyang punika tumindak awon. Sawanci-wanci lepat lan kirang waspada, barang-barang kita saged ical. Kangge mencegah tumindak kriminal punika dipun pasang CCTV kangge ngawasi kawontenan lingkungan lan dipun wontenaken petugas keamanan ingkang njagi lingkungan. Ewasamanten, kita kedah tetep waspada lan ngati-ati salebeting gesang punika.
Gusti Yesus ngandika dhateng para sakabat bab dinten rawuhipun Putraning Manungsa. Boten wonten manungsa ingkang mangertos, para malaikat inggih boten, namung Gusti Allah Sang Rama ingkang pirsa. Gusti Yesus dhawuh supados para sakabat tansah ngati-ati lan jumaga ngadhepi bab punika. Gusti Yesus lajeng paring pasemon batur ingkang dipun paringi tanggel jawab njagi griya, nalika bandaranipun tindakan. Kapan konduripun bandara punika, boten mangertos. Ingkang kedah katindakaken batur punika: jumaga lan waspada, sawanci-wanci bandaranipun rawuh, piyambakipun tinemu sedya.
Pasemon punika dados gambaran kangge kita, Gusti Yesus sampun masrahaken tugas peladosan lan tanggel jawab dhateng para sakabat lan kita sedaya. Kapan anggenipun Gusti Yesus rawuh, kita boten mangertos. Ingkang perlu kita tindakaken, kita netepi ing tugas peladosan lan tanggel jawab kita kanthi setya lan sukabingah. Salampahing gesang, kita tansah waspada lan jumaga, nganti-anti rawuhipun Gusti. Sampun ngantos kita tinemu sami tilem utawi dhawah ing panggodha nalika Gusti rawuh! Mangga, kita nyuwun kakiyatan lan kasagedan kangge nindakaken sedaya ayahan punika, supados nalika Gusti Yesus rawuh, kita tinemu setya lan sami wilujeng. Gusti mberkahi kita sedaya. [AR]
“Kawaspadan lan iman ndadosaken kita siaga mapag Gusti rawuh.”