Waosan : Kolose 1 : 1 – 14 | Pamuji : KPK 133
Nats: “Injil kuwi nggawa berkah lan diwartakaké ana ing salumahing bumi, padha kaya sing diwartakaké ana ing antaramu, wiwit ing dina enggonku krungu kang kapisan bab sih-rahmaté Gusti Allah, nganti kowé padha ngerti temenan, apa sing diarani sih-rahmat.” [ayat 6]
Injil ingkang dipun pikajengaken ing ngriki sanes ingkang arupi buku utawi kitab utawi seratan. Injil menika pawartos utami bab sih-rahmatipun Gusti Allah ingkang kebabar wonten ing Gusti Yesus Kristus. Pawartos menika kasebar ing saindhenging jagad. Saben tiyang ingkang nampeni pawartos menika pikantuk sih rahmatipun Gusti Allah. Rahmatipun Gusti Allah menika kaparingaken dhateng manungsa sanes minangka opah tumrap kasaenaning manungsa, nanging namung amargi sih katresnanipun ingkang tumanduk dhateng manungsa.
Sih rahmatipun Allah menika peparing ingkang agung tur ageng, awit arupi karahayon langgeng. Pramila saking menika tansah dipun engetaken dening Rasul Paulus dhateng saben tiyang pitados. Sih rahmatipun Allah menika kedah tansah dipun enget-enget dening saben tiyang pitados. Karana inggih namung awit saking sih rahmatipun menika sedaya tiyang pitados pikantuk karahayon langgeng ing swarga.
Kanthi tansah ngengeti bilih sedaya ingkang kita gadhahi lan kita alami menika namung awit lumunturing sih rahmatipun Allah, kita kasagedaken nyingkiri watak gumunggung, ngongasaken dhiri, ngendelaken dhiri. Kosokwangsulipun, kita kasagedan nggadhahi watak andhap asor, remen tetulung, remen weweh, ingkang dados wujuding sih katresnan kita. Srana watak lan tumindak mekaten kita saged dados berkah tumrap sedaya titah. Dados, Injil boten namung mbekta berkah kangge gesang kita pribadi, nanging ugi kagem sedaya titahipun Allah.
Pramila saking menika, sumangga saben dinten kita tansah ngenget-enget wujuding sih rahmatipun Gusti Allah ingkang tumanduk dhateng gesang kita. Wiwit tangi tilem ngantos mapan tilem malih, sumangga kita ngraosaken lan ngenget-enget wujuding sih rahmatipun Gusti Allah! [st]
“Enget sih rahmating Allah, nuwuhaken panrimah lan ayem ing manah.”