Waosan : Matius 20 : 29 – 34 | Pamuji : KPK 174
Nats: “Dhuh Gusti, mugi kersaa melasi kawula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud!” [ayat 31]
Punapa ingkang kita raosaken menawi mangertos sedherek kita kenging musibah? Tamtu kita rumaos sedhih lan sisah. Perkawis punika nate kedadosan ing tengahing sedherek kita GKJW. Wonten ingkang kenging banjir bandhang kados warga Sitiarjo, kenging musibah gunung kelud mbledos kados warga ing tlatah Kediri. Kahanan kados menika saestu ndadosaken kita prihatos. GKJW lumantar pokja Tanggul Bencana enggal tanggap lan tumindak saperlu mbantu sedherek ingkang kenging musibah punika. Para relawan sigrak mbantu para warga supados enggal angsal pitulungan, sae arupi papan, tetedhan, obat, lan pendampingan. Wonten upaya belarasa dhateng sedherek ingkang kasisahan. Para warga GKJW saking pasamuwan lintunipun ugi tetulung lan mbantu arupi arta, tetedhan, obat-obatan, lsp. Sedaya punika katindakaken wujud sih kawelasanipun dhateng para sedherek punika.
Gusti Yesus maringi tuladha bab sih kawelasan dhateng sesami. Nalika Gusti Yesus medal saking kitha Yerikho, ing ngriku wonten tiyang wuta kalih sami nyuwun sih kawelasanipun Gusti Yesus. Gusti Yesus ingkang mireng lajeng kendel sarta ngandika,”Kowe padha nyuwun Dakkapakake?” Tiyang wuta kalih punika nyuwun kasarasan, sageda ningali malih. Gusti rumaos trenyuh mirsani kawontenaning tiyang punika. Awit sih kawelasanipun Gusti Yesus nyarasaken mripatipun tiyang wuta punika. Tiyang wuta kalih saged ningali malih. Sih kawelasanipun Gusti Yesus ndadosaken tiyang wuta punika saos sokur lan ngaturaken panuwun dhateng Gusti sarta dados pendherekipun Gusti Yesus.
Kebak sih kawelasan punika ingkang dados karsanipun Gusti dhateng kita. Ing satengahing gesang kita, kathah tiyang ingkang mbetahaken pitulungan kita. Karana punika nuladha sih kawelasan saking Gusti Yesus, sageda kita dados umat ingkang tanggap lan gemati dhateng sesami. Kita boten mbenten-mbentenaken dhateng sinten kita paring pitulungan. Kita tulus salebeting manah paring pitulungan. Mangga kita mbangun sih kawelasan salebeting gesang! Kita mbudidaya sihing Gusti salebeting katresnan lan kawelasan kita dhateng sesami. Amin. [AR]
“Kawelasan dhateng sesami tuwuh saking manah ingkang suci.”