Waosan: 2 Tawarikh/ Babad 30: 13-27   |   Pamuji: KPK 313
Nats: “Dhuh Pangéran, Allahipun para leluhur kawula, Paduka ingkang saé ing penggalih mugi kersa ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken pangibadah kalayan tulusing manah, senajan dèrèng sesuci.” Gusti Allah miyarsakaké pandongané Hizkia. (ayat 19-20)

Sedherek-sedherek kita Muslim kagungan pranatan sesuci saderengipun nindakaken sembahyang salat, dadosa ing papan pangibadah mekaten ugi ing griya. Sesuci menika dipun lampahi srana nindakaken ingkang kasebat wudu. Ing ngriku para tiyang Muslim mijiki asta, kemu toya tawa, mijiki grana, ngusapi mestaka, mijiki talingan lan suku. Tanpa wudu menika sembahyangipun boten katampi dening Allah.

Lah mekaten ugi tumrap umat Yahudi menawi badhe nindakaken pangibadah. Pranatanipun, sedaya kedah nindakaken sesuci. Menawi nindakaken sesuci, pangibadahipun boten katampi dening Allah, malah kapatrapan paukuman.

Nalika bangsa Yahudi nindakaken pahargyan Roti Tanpa Ragi, para umat sami bingah-bingah memuji asmanipun Yehuwah, mangibadah, saos kurban sokur dhumateng Gusti Allah. Nalika nindakaken pangibadah lan saos kurban sokur menika kathah tiyang lan Imam-imam ingkang dereng nindakaken sesuci.

Ewasamanten, Raja Hizkia ningali lan pitados dhateng tulusing manahipun sedaya umat lan para Imam ingkang sami mangibadah. Ngengeti dhateng pranatanipun, lajeng Raja Hizkia ndedonga nyuwunaken kawelasanipun Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang dereng sesuci menika. Kasebataken bilih panyuwunipun Raja Hizkia menika dipun jurungi dening Gusti. Menika nedahaken bilih ingkang langkung wigati ing salebeting mangibadah menika inggih tulusing manah, sanes pranatan tata lair.

Gusti Allah mirsani menapaa kemawon ingkang kita tindakaken sacara tata lair. Nanging Gusti Allah boten kekilapan dhateng menapa ingkang wonten ing manah kita. Pramila, saben-saben kita mangibadah ing ngarsanipun Gusti kedah kita tindakaken kanthi tulusing manah. Tegesipun, kita tindakaken sedayanipun, pamuji lan panuwun sokur, kanthi tanpa pamrih menapa-menapa, boten ngarah berkah, boten pados pangalembana, lsp. Manah ingkang mekaten menika manahipun para bocah. Dados, kita kedah ngagem manahipun bocah anggen kita manembah dhumateng Allah. [st]

“Manah ingkang tulus ingkang mranani penggalihipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak