Waosan : 2 Tesalonika 1 : 1 – 4, 11 – 12 | Pamuji : KPK 62
Nats: “…supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada tumrap ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu,” [ayat 11]
Rasul Paulus, Silwanus lan Timotius rumaos bingah sanget ngraosaken kawontenanipun pasamuwan ing Tesalonika. Warganing pasamuwan ing ngrika gesang rukun, tresna-tinresnan lan tatag anggenipun nyanggi tanggel jawabipun minangka umatipun Gusti. Sanadyan Rasul Paulus ngalami rekaosing gesang ing tata lair, nanging rumaos kalipur menawi ngengeti gesanging warga pasamuwan ing Tesalonika. Kapitadosan ingkang teguh pancen saged dados panglipur kangge tiyang sanes. Kados kasisahan saged nular dhateng tiyang sanes, makaten ugi kabingahan saged nular dhateng tiyang kathah. Sipat ajrih saged nular, makaten ugi sipat kendel saged ndadosaken tiyang sanes katut kendel.
Mireng kabar sae saking Tesalonika, Rasul Paulus sakanca saos sokur dhateng Allah. “Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget…” Gesangipun Rasul Paulus mboten entheng lan sekeca. Kathah sanget godha rencana ingkang nempuh gesangipun. Nadyan makaten Paulus mboten kecalan kabingahan. Rasul ingkang pitados dhumateng Allah punika tansah ngraosaken panganthinipun Gusti ing sadhengah prekawis. Mireng kabar sae kemawon -kados pawartos saking pasamuwan Tesalonika- sampun cekap kangge Rasul Paulus ndhasari anggenipun saos sokur ing ngarsanipun Allah.
Awit bingahipun, Rasul Paulus lajeng ndedonga supados Allah memberkahi pasamuwan Tesalonika. Tembung “sembada” (ay. 11) saestu nengsemaken. Paulus sumerep Allah punika Mahaasih, kawiwitan nalika pinanggih Gusti Yesus ing margi dhateng Damsyik. Paulus inggih sumerep sinten pasamuwan Tesalonika ingkang nengsembaken manahipun punika. Kanthi pemanggih lan katresnanipun kalawau, lajeng Paulus mujekaken supados Allah nganggep tiyang Tesalonika sembada tumrap ing timbalanipun. [DLS]
“Rahayu tiyang ingkang gesangipun kaanggep sembada dening Allah.”