Waosan: Purwaning Dumadi (Kejadian) 24: 34-41, 50-67 │ Pamuji: KPK 121
Nats: “Kula sampun Panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula…” (ay. 56)
Sedaya tiyang mesthi ngupadi supados lampahing gesangipun saged lumampah kanthi lancar. Mekaten ugi ingkang dipun alami dening abdinipun Rama Abraham. Menapa ingkang katindakaken dening abdinipun Rama Abraham menika bebahan ingkang awrat lan boten gampil. Karana, pun abdi menika dereng mangertos papan dunungipun ingkang kedah katuju lan dereng nate nyumurupi pawestri ingkang dados jodhonipun Iskak.
Nanging wonten prekawis ingkang ndadosaken kang abdi tatag nindakaken jejibahanipun Rama Abraham, boten sanes kapitadosanipun dhateng Gusti (56), dhateng Rama Abraham (40) sarta dhateng Laban lan Betuel (50).
Cariyos menika sageda dados tuladha kangge kita nglampahi gesang sadinten-dinten. Pancen, gesang ing jagad menika boten namung ngalami bab-bab ingkang mbingahaken, sekeca lan eca, nanging ugi bab-bab ingkang boten sekeca lan eca. Ingkang menika, kita kedah pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang ndadosaken lampahing gesang kita dados kasil.
Sumangga kita sami sinau pitados kados dene:
Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang tansah dak bekteni iku bakal ngutus malaekate nyarengi lakuku, temah kelakon anakku kokgolekake jodho saka kulawargaku lan saka omahe bapakku.”
Laban lan Betuel: “Prekawis menika pinangkanipun saking Sang Yehuwah, pramila kula sami boten saged matur menapa-menapa dhateng panjenengan, inkang awon menapa ingkang sae.”
Abdinipun Rama Abraham: “Kula sampun Panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula!”
Wosipun, ing salebeting ngalami gesang menika kita kedah tansah pitados bilih Sang Yehuwah ingkang badhe tansah nunggil, rumeksa lan nganthi, matemah kadosa pundi kawontenaning gesang kita, mesthi dumugi ing kasaenan. [SS]
“Gusti, kawula pitados Paduka mesthi tansah ngreksa lan mberkahi gesang kawula.”