Waosan : Para Rasul 17 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 297
Nats: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.“ [ayat 3]
Inggih karana tuturipun Rasul Paulus ingkang kados mekaten menika para tiyang Yahudi sami panas manahipun lan kalawan dipun biyantu dening panunggalanipun tiyang awon, sami damel geger sarta ngisruhaken kitha Tesalonika. Para tiyang menika sami nempuh griyanipun Yason, badhe nyepeng Paulus lan Silas dhateng parepatanipun rakyat. Nanging karana boten pinanggih kaliyan Paulus lan Silas lajeng nglandhang Yason lan sawetawis sedherek dipun pasrahaken ing pengagenging kitha, kalawan nguwuh-nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang sami sampun nggegeraken jagad sadaya punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Sang Nata Agung, sami mratelakaken, bilih wonten ratu sanesipun, inggih punika Yesus.”
Piyambakipun dipun lepataken karana ngangkat raja enggal, inggih menika Yesus. Pandakwa menika sami kaliyan pandawanipun para imam-imam ing ngajengpun Pilatus. Ing ngriku Gusti Yesus dipun dakwa ngangkat dhirinipun dados Raja nggentosi Kaisar. Pangageng kitha ing Tesalonika ketingal radi ngatos-atos katimbang ingkang ing Filipi. Ing wegdal tiyang kathah lan pengageng kitha mirengaken aturipun tiyang Yahudi, tiyang menika lajeng goreh. Nanging sasampunipun pikantuk jaminan saking Yason lan sedherek-sedherek sanesipun mila piyambakipun dipun culaken. Dalu menika ugi, Paulus saha kanca-kancanipun dipun aturi medal dhateng njawi kitha, supados boten nindakaken ingkang dipun kersakaken.
Dados ing wekdal ingkang sae menapa wegdal ingkang boten sae, Sang Mesih kedah kawartosaken ing sadhengah papan, dadosa ingkang sae menapa ingkang boten sae. Kanthi mekaten pakaryanipun Gusti lumampah ing sadhengah panggenan lan ing sadhengah wekdal. [Bpur]
“Pakaryanipun Sang Mesih kedah terus kawartosaken.”