Waosan : Jabur (Mazmur) 104 : 24 – 35 | Pamuji : KPK 287
Nats: “Manawi Paduka maringaken Roh Paduka, lajeng sami tumitah, saha lumahing bumi Paduka dadosaken enggal.” [ayat 30]
Manungsa menawi koncatan rohipun, mesthi pejah. Manungsa dados gesang karana sinebulan roh. Srana kadunungan roh menika, manungsa saged ngadeg, lumampah, menggalih lan tumindak warni-warni temah saged mranata gesangipun. Malah supados manungsa saged mandiri, Gusti Allah nyawisi samudaya ingkang dados kabetahanipun. Seganten lan dharatan kinebakan bandha donya titahipun Allah. Kalayan mawarni-warni kanugrahan menika, Gusti Allah ngersakaken manungsa saged mandiri sejahtera lan kanthi bingah ngluhuraken asmanipun Allah.
Nanging emanipun, manungsa nuruti pambujuking Iblis. Manungsa ngudi pemarem (kepuasan) piyambak srana nguja hawa nepsunipun. Manungsa dados murka (rakus), temah gesangipun lan titahipun Allah sanesipun dados risak. Manungsa tiwas ing kamurkan lan kasangsaranipun.
Srana Rohipun Pribadi, Gusti Allah rawuh tumedhak lan makarya ing gesanging manungsa titahipun. Klayan pakaryaning Sang Roh Suci menika kakarsakaken supados sedaya titahipun saged dados enggal, dados sae, tumata lan lestantun. Mekaten kapitadosan lan pangajeng-ajengipun sang juru mazmur. Klayan pakaryaning Roh Suci menika dipun ajeng-ajeng manungsa uwal saking dosa lan piawon, manungsa bebingah ngluhuraken asmanipun Allah, ngraos-raosaken pakaryan lan karsanipun Allah.
Ewahing gesang dados enggal, dados sae lan tumata menika wonten titikanipun lan saged karaosaken. Menawi sampun enggal, gesang menika mesthi benten kaliyan ingkang sampun kelampahan. Menawi sampun sae, mesthi sampun boten awon kados saderengipun. Menawi sampun tumata, mesthi sampun boten semrawut kados swaunipun.
Samangke, menapa gesang kita saestu sampun dados enggal? Menapa kawontenan sakiwa tengen kita dados sae lan tumata? Menawi dereng, swawi ngaturi papan ing gesang kita kagem tumedhakipun Sang Roh Suci. [st]
“Dhuh Roh Suci, mugi tansah dedalem lan makarya ing gesang kawula!”