Waosan: 1 Timoteus 4 : 6 – 16 | Pamuji: KPJ. 320
Nats: “Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.” (Ayat 8)
Wonten pelari maraton ingkang kasuwur, nate dipun takeni rahasia suksesipun. Pelari punika mangsuli, “Saben dinten kula nggladi dhiri. Mboten namung mlajeng, nanging ugi sarana nata nedha ingkang leres, istirahat cekap, lan njagi penggalih kula tansah fokus dhateng tujuan.” Piyambakipun mangertos, tanpa disiplin, mokal piyambakipun saged dumugi tujuan kanthi sae.
Mekaten ugi gesang karohanen kita. Ing waosan kita, rasul Paulus paring pitutur dhateng Timoteus supados nggladhi dhiri ing salebeting pangabekti. Timoteus punika dipun engetaken supados dados tuladha ing bab tetembungan, tindak-tanduk, katresnan, kasetyan lan kasucen, ugi paring kawigatosan dhateng pamaosing Kitab Suci lan piwucal. Paulus nyumerepi supados iman punika saged tuwuh lan kiyat, mbetahaken latihan ingkang ajeg. Nanging, ing pigesangan samangke kathah tiyang ingkang repot, matemah kathah tiyang ingkang nglirwakaken maos Kitab Suci. Kamangka, saking maos Kitab Suci punika kita saged nampi dhawuhipun Gusti. Nalika maos lan ngraosaken isining Kitab Suci kita dadosaken pakulinan, punika sami kaliyan kita mbikak manah kagem Gusti nuntun kita ing sadhengah kahanan. Maos Kitab Suci punika mboten namung bab mangertosi tembung-tembung, nanging ugi mangertosi karsanipun Gusti lan mujudaken ing pigesangan kita saben dinten. Sarana maos Kitab Suci kanthi ajeg, kita saged: mangun sesambetan ingkang celak kaliyan Gusti, mangertosi rancanganipun Gusti tumrap gesang kita, saged dados conto gesang ingkang sae tumrap sesami, saged ngukuhi iman, lan nebihi tumindak mblasar.
Ngengeti kathahipun tantangan ing pigesangan kita, pramila kita kedah ngupadi nggladhi dhiri kanthi sanget supados maos Kitab Suci punika saged dados pakulinan. Punika saged kita wiwiti saking tumindak alit, kados ta: nyawisaken wekdal kangge maos Kitab Suci satunggal bab saben dinten lajeng dipun raosaken utawi maos Pancaran Air Hidup saben dinten. Pakulinan punika nalika kita lampahi kanthi tekun, tamtu saged dados gaya hidup ingkang ngiyataken iman kita, gesang kita tansah maedahi, lan mbekta pengaruh sae kangge sesami. Amin. [nn].
“Pangandikanipun Gusti punika dilah wonten ing ngajengipun suku kita; sangsaya kita sregep maca lan nglampahi, lampah kita ing jagad sansaya padhang.”