Pracaya Iku Kekurban Pancaran Air Hidup 9 September 2021

9 September 2021

Waosan: Ibrani 11 : 17 – 22 | Pamuji: KPJ. 203
Nats:
“Marga saka pracaya Rama Abraham nalika kacoba, ngurbanaké Iskak. Panjenengane, kang wus kaparingan prasetya, lila ngurbanaké putrané ontang-anting…” (Ayat 17).

Satunggaling dinten Gareng sowan lan matur dhateng Togog, Pakdhenipun:

Gareng: “Pakdhe, urip kula niki kok sarwi kekurangan, sangsara raosipun.”

Togog: “Lha kowe kepengin apa ta, Le? Aja kakehan pepenginan, Ngger!”

Gareng: “Kula pengin sarwi kacekapan, ayem tentrem, lan bungah.”

Togog: “Gampang, Le. Pracayaa marang Gusti kanthi antebing ati.”

Gareng: “Namung ngoten niku, Pakdhe? Kok gampang banget?”

Togog: “Iya, Le. Marga Gusti iku maha asih, peparing marang kang pracaya. Nanging kudu pracaya kanthi manteb, aja nganti mangu-mangu!”

Lah mekaten, pracaya rinaos dados prekawis kangge nggayuh lan nampi sekecaning gesang.

Ing papan sanes, Bagong matur dhateng Semar:

Bagong: “Pak, wiwit aku pracaya marang Gusti, kabutuhaning uripku kacukupan, malah luber. Pangan, sandhang, lan papan cumawis.”

Semar: “Ya sokur yen ngono, Thole. Antepana terus iman pracayamu iku!”

Bagong: “Tapi, kenapa ya atiku iki kok durung rumangsa ayem lan bungah?”

Semar: “Lha apa ta kang dirasakake atimu ing sajroning kacukupanmu?”

Bagong: “Atiku iki was sumelang, wedi… apa meneh pagebluk ngene iki.”

Semar: “Thole, pracaya iku dudu mung kanggo nggayuh bandha donya lan kepenake urip, nanging kudu wani kekurban lan kelangan, Ngger.”

Bagong: “Apa ngono iku ya ana ing piwulange Kitab Suci?”

Semar: “Ana, Thole, ing Kitab Ibrani 11:17. Kekurban utawa andum berkahe Gusti iku kudu dilakoni kanthi tulus lan sukalila. Srana kekurban, kowe wus nglakoni apa kang dadi dhawuhe Gusti. Kanthi mangkono, Ngger, atimu bakal ayem tentrem.”

Bagong: “Dadi pracaya iku tegese kudu nindakake dhawuhe Gusti?”

Semar: “Bener, Thole. Wong kang ngaku pracaya marang Gusti iku kudu nindakake kabeh kang dadi karsane Gusti. Upamane, pranatan protokol kesehatan Korona, iku ya karsane Gusti kanggo uripmu. Yen wus netepi dhawuh lan karsane Gusti, wis… aja wedi lan sumelang maneh! Gusti mesthi ngreksa lan mberkahi sira, Ngger.” (st).

 “Pasrah lan pracayaa mung neng ngarsane Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak