Matur Nuwun Gusti Renungan Harian 9 September 2020

9 September 2020

Waosan : Pangentasan 13 : 1 – 10 |  Pamuji :  KPJ. 351
Nats: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, …”  (Ay. 3)

Kirang langkung kalih taun kepengker, wonten tanggi kula ingkang nembe medal saking Lembaga Pemasyarakatan (LP). Ing wanci sonten nalika tanggi punika sampun wonten dalemipun, kathah tanggi tepalih ingkang sami nuweni. Lajeng wonten salah satunggaling warga ingkang paring pitaken: “Piye kabare, Le? Mbok aku diceritani kahanan ning LP, apa kepenak?” Lajeng bapak punika paring wangsulan: “Pangestunipun Bu. Kahanan ing LP nggih boten sekeca, boten saged bebas kados dene menawi gesang ing griya.”

Kawontenanipun bangsa Israel nalika wonten ing tanah Mesir saged dipun gambaraken kados dene tiyang ingkang saweg nampi paukuman wonten ing Lembaga Pemasyarakatan. Kala semanten bangsa Israel boten saged gesang kanthi bebas awit bangsa Israel kedah patuh dhateng bangsa Mesir. Mataun-taun anggenipun bangsa Israel wonten ing pangawulan, ngantos Gusti Allah makarya paring pangluwaran dhateng bangsa Mesir. Kamardikan ingkang sami dipun tampi dening bangsa Israel punika boten krana kakiyatan dalah perjuanganipun bangsa Israel piyambak. Kamardikan punika wujud nyata sih katresnanipun Gusti Allah dhateng umat kagunganipun. Lah kamardikan peparingipun Gusti punika boten inggih kamardikan ingkang sejati.

Lumantar waosan kita ing dinten punika, kita sedaya sami saged mangertosi kados pundi angginipun Gusti Allah mujudaken sih katresnan. Wonten maneka warni cara anggenipun Gusti Allah mujudaken sih katresnanipun, saged lumantar paukuman ingkang dipun tampi umat kagunganipun. Paukuman punika salah satunggaling caranipun Gusti anggenipun paring pepenget dalah paring piwucal kangge umat kagunanipun. Kadosdene ingkang sampun dipun tindakaken Gusti Allah tumrap bangsa Israel nalika wonten ing pangawulan. Bangsa Israel nampi paukuman, ananging Gusti Allah paring pangluwaran dalah kamardikan. Ing ngriki kita sedaya sami saged sinau bilih Gusti Allah saged nindakaken punapa kemawon kangge mujudaken katersnanipun dhateng sedaya umat kagunganipun. Mila sumangga kita namung pitados dhumateng Gusti lan tansah saos sokur awit sedaya pakaryanipun Gusti ing gesang kita. (Bie)

“Kamardikan ingkang sejati namung wonten ing Gusti Yesus”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak