Waosan: Yeremia 3 : 6 – 14 | Pamuji: KPJ. 412 : 1, 3
Nats: “WedananingSun ora bakal rengu marang sira, amarga Ingsun iki ambek sihmirma.” (Ayat 12b)
Ing sawijining dina, Rahab ketemu karo nabi tuwa sing teka ing kutha. Nabi kuwi ngomong bab katresnan lan pangapurane Gusti Allah. Rahab wong wadon kang dursila, wiwitane mamang, nanging tembunge nabi kuwi nggawe dheweke rumangsa ana pangarep-arep kanggo urip anyar sing luwih migunani lan wigati. Rahab mutusake arep ninggalake urip lawas lan golek Gusti Allah. Dheweke ngowahi cara uripe, ninggalake kabeh dosa lan kalupatane sing kepungkur. Rahab njaluk pangapura lan janji bakal urip miturut kersane Gusti Allah. Senadyan akeh wong sing ora yakin karo keputusane, Rahab tetep mantep karo keputusane: mratobat lan bali marang Gusti Allah. Carita Rahab memulang kita menawa ora ana dosa utawa kaluputan sing gedhe kanggo Gusti Allah ngapura. Katresnan lan pangapurane Gusti Allah tansah kacawisake kanggo wong sing mratobat kanthi tulus lan bali marang Panjenengane.
Wacanan Kitab Suci dina iki, pasemon Israel lan Yehuda minangka ”wong wadon kang ora setya utawa dursila” sing nggambarake dosa lan ora setyane bangsa kuwi marang Gusti Allah. Wong Israel lan Yehuda wis nyingkur Gusti Allah lan milih nyelarasake awake dhewe karo brahala, tinimbang karo Gusti Allah. Kacarita menawa Israel lan Yehuda tumindake kaya ”sundel”, kuwi nuduhake menawa dheweke mutuske sesambungane karo Gusti Allah lan nggolek kesenengan dhewe. Tumindak mau wis nglanggar prajanjian karo Gusti Allah. Sanadyan Israel lan Yehuda wis nggawe keluputan sing gedhe, Gusti Allah tetep nuduhake katresnane kang terus nimbali wong-wong mau supaya mratobat lan bali marang Panjenengane (Ay. 12). Senadyan wis nglakoni dosa, isih ana pangarep-arep lan wektu kanggo nganyari urip lan pangapura kanggo wong-wong sing bakal mratobat kanthi tulus.
Nggunakake pasemon ”wong wadon kang ora setya utawa dursila” ing kitab Yeremia, piye kudune kita nyikapi tetiyang sing kasingkirake utawa diremehake dening masyarakat, kaya carane urip wong Israel lan Yehuda ing Kitab Suci? Iki nedahake yen saben individu lan klompok nduweni bab kang wigati ing ngarsane Gusti Allah. Kayadene Gusti Allah nimbali Israel supaya mratobat lan bali marang Panjenengane, Greja mligine GKJW minangka papan ekumenis bisa nimbali umate supaya mratobat saka sikep lan tumindak sing diskriminatif marang klompok-klompok sing kasingkirake mau. Iki uga bisa dadi timbalan kanggo mujudake keadilan sosial kanggo dheweke. Amin. [tes].
“Urip iki endah menawa kita nampa lan ngurmati pambeda, ora ngedohi!”