Waosan : Pangentasan 24 : 9 – 11 | Pujian : KPJ. 357
Nats: “Sedaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sedaya”. (Ay. 3b)
Sang Yehuwah dhawuh dhateng Musa, supados minggah redi saperlu seba manembah dhateng ngarsanipun Sang Yehuwah. Dene Harun lan kekalih putra pambarepipun, Nadab lan Abihu sarta pitungdasa tuwa-tuwanipun Israel seba manembah saking katebihan, karana boten dipun parengaken nyelak. Anggenipun seba dhateng ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Musa nampeni dhawuh pangandikanipun Gusti Allah lan pranatan-pranataning gesang kangge para umat Israel. Pangandika saha pranataning gesang saking Pangeran Yehuwah punika kedah dipun paringaken dhateng umat Israel.
Musa salajengipun kanthi setya tuhu netepi punapa-punapa ingkang sampun dipun pangandikaaken Gusti lan nglajengaken dhateng umat Israel. Lajeng kados pundi wangsulanipun bangsa Israel? Wangsulanipun elok sanget, kados-kados sampun nampi komando, sedaya mangsuli: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sedaya.”(ayat.3). Wangsulan ingkang sampun dipunaturaken punika dadosaken bombonging manahipun Musa minangka pangarsanipun bangsa Israel. Saestunipun boten namung bombong, nanging ugi nedahaken bilih bangsa Israel ing babagan kangge kamulyanipun Gusti, lan kasaenan gesangipun pasamuwan nggadhahi semangat saiyek-saeka kapti. Bangsa Israel matur sendika dhawuh dhateng Pangerang Yehuwah, karana sedayanipun kangge mbangun karakteripun, kasetyanipun bangsa Israel dhumateng Gusti Allah.
Mbangun kasetyan dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kawilujengan dhateng pasamuwanipun punika pancen boten gampil. Punapa malih sifat lan pamanggihipun tiyang setunggal lan sanesipun punika benten-benten. Nanging sanajan benten, minangka pasamuwanipun Gusti, kita nggadhahi tujuan gesang ingkang sami nggih punika ngluhuraken asmaniPun Gusti. Mila sumangga dherek cawe-cawe, sampun ngantos mendel kemawon, punapa malih ing wulan Ekumene punika kita kasuwun nedahaken greget kita masamuwan, greget mujudaken karukunan lan sendika dhawuh dhumateng Gusti sarta pasamuwanipun. Sumangga! (YK)
“Saiba prayoga lan endahe menawa para sadulur pasamuwan padha urip klayan rukun.”