Waosan: Wahyu 6 : 1 – 7 : 4 | Pamuji: KPJ. 417
Nats:“Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel pitu mau, …” (Ayat 1)
Saben tiyang gesang tamtu kepingin gesangipun kebak raos ayem tentrem. Kanyata anggenipun tiyang punika ngadepi mawarni-warni karibedan gesangipun asring piyambakipun ngandelaken punapa ingkang dipun gadahi, sae punika rajabrana, pangkat, drajad, lan kapinteran murih gesangipun saged ngraosaken ayem tentrem. Kamangka sadaya ingkang dipun gadhahi lan dipun andelaken kalawau sarwa winates, saged telas lan risak. Gesang punika misteri, kita mboten mangertos punapa ingkang badhe kalampahan ing tembe lan karibedan punapa ingkang badhe kita adepi. Mila kita prelu ngandelaken kakiyatan ingkang ageng lan langgeng, inggih punika kakiyatan saking Gusti Allah.
Seratan wonten ing kitab Wahyu punika mratelakaken badhe wonten mawarni-warni kawontenan ingkang badhe dipun alami dening manungsa sak derengipun pungkasanipun jaman kanthi pralambang segel enem ingkang kabikak dening Cempenipun Allah. Segel sepisan, pralambang paprangan. Segel kapindho, pralambang getih bilih tiyang badhe tega mejahi sesaminipun. Segel katiga, pralambang kawontenan ingkang mboten adil, ingkang kacingkrangan sansaya rekaos gesangipun, nanging ingkang sugih sansaya mulya. Segel kaping sekawan, pralambang pepejah ingkang dipun adepi dening manungsa awit paprangan, pailan, pagebluk lan kewan galak. Segel kaping gangsal, pralambang nyawanipun para tiyang suci ingkang nyeyuwun supados Gusti Allah ngetingalaken kaadilanipun ing bumi, nanging Gusti Allah nyuwun supados para suci kalawau sabar sawetawis. Segel kaping enem, pralambang sadaya kakiyatan alam titahipun Gusti ingkang saged ngrusak gesangipun manungsa kados lindhu lan dadosaken para pangwaos ing bumi sami ndelik awit mboten wantun nampi bebendu saking Gusti Allah.
Menawi kita raosaken kawontenan ing segel-segel ingkang kabikak punika gegirisi sanget, nanging ingkang langkung penting nggih punika ingkang mbikak segel punika Sang Cempenipun Allah piyambak, inggih punika Gusti Yesus Kristus. Punapa kemawon ingkang badhe kalampahan wonten ing donya punika, sadaya wonten ing pangwaosipun Gusti Yesus Kristus. Mila kita minangka para umat kagunginipun Gusti Yesus, mangga tansah sumendhe wonten ing pangwaosipun Gusti Yesus. Mangga kita tansah saos sokur awit saking panganthi lan pangrimatipun Gusti Yesus, kita taksih saged nglampahi maneka warni kawontenan kanthi kebak ayem tentrem. Amin. [M@ul].
“Kados punapa kemawon kawontenanipun, penting wonten Gusti Yesus.”