Amung Kumandel Iku Renungan Harian 9 Mei 2020

9 May 2020

Waosan : Jabur 31 : 1 – 5, 15 – 16 | Pamuji :  KPJ. 106
Nats: “Nanging kawula kumandel dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, kawula matur: ‘Paduka punika Allah kawula!‘” (Ay. 15)

Wonten brayat ingkang ngadepi momotan ingkang saestu ageng inggih punika kebangkrutan! Sedaya barang darbenipun dipun sade kangge nyekapi kabetahan ing saben dintenipun kantun griya kalian setunggal sepeda motor ingkang taksih utuh. Kinan, putranipun ingkang taksih SMP menawi sekolah kedah mlampah kadang kala nggih nunut kalian rencangipun. Saben dinten Kinan mbeta dhaharan ingkang saged dipun sade wonten ing sekolaan, kadang kala sekul goreng, sekul kuning, mie goreng utawi es buah supados Kinan saged mundhut buku lan nyekapi kabetahan sekolahipun. Saben dinten Kinan mular, nelangsa ugi ngraosaken semplah. Ananging tiyang sepuhipun saben dinten tansah ngemutaken bilih Kinan mboten perlu isin, gengsi utawi kuciwa awit sedaya punika saestu caranipun Gusti kangge mitulungi brayatipun. Kinan namung ndedonga nyuwun kekiyatan dumateng Gusti ugi namung kumandel dumateng Gusti.

Lumantar kahanan ingkang mekaten brayatipun Kinan manggihi bilih Gusti Allah mboten negakaken, Gusti paring pitulungan sacara nyata tumrap tiyang ingkang saestu kumadel dumateng Panjenenganipun. Inggih, saestu nyata pitulunganipun Gusti! Gusti kagungan cara ingkang mboten saged dipun nalar, pitulunganipun mboten kanyana-nyana kangge mitulungi tiyang ingkang tansah ngandelaken Gusti. Brayatipun saestu nampi pitulunganipun Gusti satemah saged ngadepi kamomotan punika kirang langkung 4 taun ngantos tiyang sepuhipun saged bangkit malih saking karibetan punika.

Punapa ingkang kalampahan dening brayatipun Kinan saged ugi kita lampahi wonten ing gesang kita. Kados pundi respon kita nalika ngadepi kamomotan ingkang kadang kala ndamel iman kapitadosan kita semplah, kita kicalan pengajeng-ajeng ugi kita sampun mboten nggadhahi pepingingan bangkit? Mangga kita gatosaken piwucalipun Prabu Dawud anggenipun ngadepi karibetaning gesang. Ing kitab Jabur 31 punika, kita mangetos Prabu Dawud tansah ngayom dateng Gusti Allah. Pitados bilih Gusti Allah punika badhe paring pangluaran. Pramila mangga kita kados Prabu Dawud ingkang mangertos bilih Gusti Allah tansah makarya wonten ing gesang kita. Mangga kita tansah nyenyuwun ugi ingkang tansah ngandelaken Gusti wonten ing samukawis prekawis awit gesang kita punika wonten ing astanipun Gusti Allah. (Fant)

“Gusti Allah makarya wonten ing sadhengah prekawis. Kumandela!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak