Waosan: Lukas 4 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 108 : 1, 2
Nats: “Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!” (Ayat 12)
Manungsa gesang ing alam donya punika, tamtu nate ngalami pacoban. Nalika kita ngalami kahanan ingkang asor sanget, mbok bilih kita nate ngresula sarta matur: “Menawa Gusti Allah nresnani aku, kenging punapa aku kok lara kaya mangkene? Menawa Gusti Allah Maha Kuwaos, kenging punapa aku kok ora luput saka bencana iki?, “ Estu, pitakenan-pitakenan punika asring kita mirengaken nalika ngalami awrating kasangsaran saking pacobaning gesang. Tembung “menawa” punika ingkang kedah kita gumuli mawi paningalan iman kita.
Nalika Iblis nyoba Gusti Yesus, Iblis wongsal-wangsul nembung, “Menawi Panjenengan Putraning Allah”. Punapa Iblis mboten mangertos sinten Gusti Yesus punika? Tamtu mangertos! Lajeng, kenging punapa Iblis kados-kados mboten mangertos? Sabab, prekawis ingkang dados godhaning Iblis dhumateng Gusti Yesus punika bab ingkang wigati sanget, inggih punika bukti pangaken jati dhirinipun Gusti Yesus. Ing wewengan punika, Gusti Yesus dipun godha supados sumelang ing ngarsanipun Sang Rama, nggoyahaken pangaken-Ipun bab panguwaos saha sih-katresnanipun Gusti Allah. Sanadyan mekaten, Gusti Yesus mboten lena marang godhanipun Iblis, manah-Ipun estu bakuh. Pungkasanipun Gusti Yesus ngendika dhateng Iblis, “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”
Kita para umat kagunganipun Gusti, kedah sami waspada nalika ngalami pacobaning gesang. Supados iman lan manah kita mboten dhawah ing raos sumelang dhumateng panguwaos lan sih katresnanipun Gusti Allah, kita perlu mangun gesang sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah. Sanadyan katah tantangan sarta pacoban ing pigesangan kita, prekawis punika boten badhe ngewahi kasunyatan bilih kita punika putranipun Gusti Allah ingkang dipun tresnani. Ing mangsa Pra-Paskah punika, kita dipun ajak nglampahi gesang kanthi maneka warni disiplin rohani, salah satunggalipun mawi siyam. Sumangga kita sami sinau kanthi temen, nuladha Sang Kristus anggenipun nggadhah manah ingkang bakuh saking godhanipun Iblis. Awit dene kita punika putranipun Gusti Allah, Panjenenganipun estu badhe ngayomi sarta ngrengkuh kawontenaning gesang kita, satemah gesang kita tansah kawangun sembada ing ngarsa-Nipun. Amin. [mojoo].
“Gusti Allah iku setya tuhu, ora bakal negakake kowe kacoba ngluwihi saka ing kakuwatanmu.”