Waosan: Jabur 107 : 1 – 3, 17 – 22 | Pamuji: KPJ. 16
Nats: “Wong iku mau kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah, awit saka sih-kadarmane, lan marga saka kaelokane marang para anaking manungsa.” (Ayat 21)
Gusti Allah punika setya lan nresnani dhateng tiyang ingkang purun sowan dhumateng PanjenenganiPun. Punika ketingal sanget wonten ing waosan kita, Juru Mazmur ngraosaken kamirahanipun lan katresan-Ipun Gusti Allah. Ing ayat 1 dipun sebataken: “Padha saosa puji sokur marang Allah, awit Panjenengane iku maha asih, sih kasetyane langgeng selawase.” Kasaenanipun Gusti Allah mboten winates dhateng umat-Ipun, ngantos ing salumahing bumi, wiwit saking wetan ngantos kilen, lor ngantos kidul (Ay. 3). Para umat dipun tebus dening Gusti, dipun tulungi saking sedaya pakewet lan pepeteng, sarta sami dipun timbali dados seksi-Nipun. Inggih punika nekseni pakaryanipun Gusti sarana nyarioasaken kaelokanipun lan kasaenanipun Gusti ing gesang punika (Ay. 20-21). Kamirahanipun Gusti punika nyata, Panjenenganipun maringi kita kawilujengan sarta nguwalaken kita saking pepetenging jagad. Tiyang ingkang pitados kanthi saestu lan ngandelaken Gusti badhe nampi kabingahan wonten ing wekdalipun Gusti.
Wonten satunggaling dokter spesialis ing Surabaya nelakaken bilih mukjijatipun Gusti Allah punika taksih wonten nalika kita estu pitados lan ngalami Gusti ing gesang kita punika. Pancen wonten teknologi kedokteran ingkang sansaya canggih lan modern, nanging punika mboten saged nandhingi panguwaosing Gusti, inggih punika maringi gesang. Minangka tandha katresnan kita tumrap kanugrahan arupi wewengan gesang punika, kita kedah saos sokur lan wantun nyeksekaken kasaenan lan kaelokanipun Gusti dhateng sok sintena kemawon ing sak kiwa tengen kita. Paseksi gesang punika ingkang ndadosaken katentreman lan kabingahan ing gesang punika. Krana estu Gusti Allah dedalem ing kita lan paring prasetya kawilujengan ing donya dalasan sasampunipun gesang kita mangke.
Sumangga kita sinau, tetep pitados bilih kamirahanipun lan katresnanipun Gusti punika sumrambah ing gesang kita. Mangga kita tansah ngandelaken Gusti nalika kita nyuwun pitulungan salebeting gesang kita punika. Kita ngestokaken timbalanipun kangge nyekseni kaelokanipun Gusti dhateng sedaya titah. Kanthi saos sokur lan pandonga kita estu saged ningali kasaenanipun lan ngraosaken katresnanipun Gusti ing gesang punika. Saos panuwun kita, Gusti Allah punika elok. Kaelokanipun Gusti punika ingkang kita sukuri lan pratanda estu katresnanipun nyata wonten ing kita sedaya. Amin. [LUV].
“Tuhu setya dhateng Gusti Allah mbikak korining kaelokanipun Gusti lumantar gesang ingkang kebak ing saos syukur.”