Tanpa Pituwas Pancaran Air Hidup 9 Maret 2022

9 March 2022

Waosan: Ayub 1 : 122 | Pamuji: KPJ. 124
Nats:
“Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?” (Ayat 9)

Gondes: “Bu, wingi Mas Reno ditumbasake laptop anyar. Sae sanget laptop punika.

Ibu Lili: “Gondes kepingin uga?”

Gondes: “Tamtu pengin bu. Kula gadhah tekad badhe sregep ngabekti lan ndedonga bu. Sajroning pandonga punika kula badhe nyuwun laptop kados kagungane Mas Reno”

Ibu Lili: “Husss, ora patut kuwi. Nderek Gusti kok pamrih ngono ta le”

Gondes: “Lha damel napa bu, nderek Gusti nek mboten nyenyuwun?”

Ibu Lili: “Nderek Gusti iku karana tresna, lha gesang mursid iku wujuding katresnan, dudu  sarana kanggo pamrih. Gusti sampun sumerep apa wae kabetahane manungsa.

Gondes: “Owalah, inggih bu. Ngapunten.

Pitutur saking Ibu Lili punika serasi kaliyan waosan kita. Kacariyosaken bilih Ayub punika piyantun ingkang jujur, mursid, sarta sugih sanget. Kathahipun banda ingkang dipun gadahi dening Ayub dados pitakenanipun Iblis, “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun gesang mursid? Ayub punika gesang mursid amargi sampun nampi berkah ingkang luber? Gusti Allah lajeng paring kesempatan Iblis nyobani Ayub. Ayub punika nampi pacoben amargi Gusti Allah sampun nyumerepi isi manahipun Ayub ingkang sayekti. Nalika ngraosaken maneka werna pacoben, Ayub ugi nglampahi maneka werna proses iman. Sanajan ing pacoben punika Ayub nglantaraken wujuding duka, pasambat, lan panyuwun, nanging ing sedaya proses punika Ayub mboten nate kesupen kaliyan Gusti Allah. Pacoben ingkang dipun tampi dening Ayub punika awrat sanget, ananging lumantar pacoben punika gesang sarta imanipun Ayub kaenggalna. Ayub sansaya nyumerepi karsanipun Gusti.

Ayub punika saged dados tuladha kangge kita sami, supados tansah nglampahi gesang ingkang jujur sarta mursid. Kasedyan nderek Gusti punika kalambaran dening katresnan ugi relasi ingkang raket, sanes pengajeng-ajeng ingkang sipatipun pamrih. Sumangga kita sami ngenggalaken timbalan lan iman kapitadosan kita sami. Punapa saestu kita nderek Gusti tanpa pituwas? Punapa kita setya nderek Gusti, amargi taksih kathah pengajeng-ajeng kita ingkang dereng dados kasunyatan? Mangga sami kita raos-raosaken. Amin. [xie].

 “Dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak