Srana Mandeng Renungan Harian 9 Maret 2020

9 March 2020

Waosan :  Wilangan 21 : 4 – 9  |    Pamuji  :  KPJ. 275
Nats
: “Wasana saben wong kang kecakot ing ula, mangka banjur mandeng rerekan ula tembaga iku, iku lestari urip.” (Ay. 9)

Srana mandeng ing salib, tyang dosa gesang, tinebus sagung dosanira.
De cempening Allah kang sinalib ngrembat, ngesahaken duraka kita.
Reff. Swawi den pandeng ! Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
tinebus sagung dosa nira

Lagu saking KPJ. 275 punika nyariosaken bab mandeng salib. Kenging punapa kita mandeng salib? Punapa tujuanipun? Saking waosan punika, Gusti Allah paring kaluwaran lan paring piwucal bilih umat kagunganipun kedah masrahaken sawetah gesangipun dhateng Gusti Allah. Nanging ing tembenipun, tiyang Israel nggadhahi sikep ingkang klentu. Tiyang Israel lajeng mandeng rerekan ula punika dados brahalanipun, amargi tiyang Israel sami ngobong kurban kangge ula punika, ingkang lajeng rerakan sawer (ula) punika peparab Nehustan. Ing tembenipun Prabu Hizkia ingkang nyingkiraken praktek nyembah brahala inggih rerekan ula damelanipun Nabi Musa (2 Para Raja 18:4). Punika sedaya mucal kita, supados manungsa namung ngandelaken Gusti Allah, sanes brahala rerekanipun manungsa.

Bab rerekan ula punika ingkang kapanjer ing cagak ing waosan saking kitab prajanjian lami punika ngengetaken bab cariyosipun Sang Kristus ingkang kapenthang ing Salib. Menawi kita mandeng salib, sejatinipun sanes salibipun ingkang sekti lan ngedab-edabi, ananging sih katresnanipun Gusti. Mila salib, saking punapa kemawon bahanipun, masia ta emas cumlorot cementhel ing gulu, boten kepareng dados brahala utawi ratu.

Dados sejatinipun  boten nalar menawi nganggep tiyang Kristen punika nyembah salib. Cetha, bilih punika sawijining piwulang ingkang mblasar. Tiyang Kristen mandeng salib, boten krana nyembah salib, nanging kita katuntun nlangsani dosa, boten gesang sak karep udele dewe lajeng ngresula tanpa guna. Nanging, umat Kristen kaatag ngengeti bilih kita tinebus saking antaka (pati), namung karana sih tresnanipun Gusti. Ing Prajanjian Enggal, Yokanan 3:14-15 nggambaraken bilih Gusti Yesus Kristus kapanjer karana dosa-dosanipun manungsa, supados saben tiyang ingkang “mandeng” lan “pitados” Gusti Yesus srana iman, nduweni kawilujengan (urip langgeng). (pong).

“Dudu sepira gedhene salib kang buktekake uripira suci, nanging sepira pracayamu marang Yesus Gusti”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak