Waosan : Yokanan 12 : 27 – 36 | Pamuji : KPJ 121
Nats : “Saiki nyawaku trenyuh. Lan Aku bakal matur apa? Dhuh, Rama, Paduka mugi ngluwari Kawula saking wekdal punika? Ora, awit iya iku prelune anggonKu teko ing wektu iki.” [ayat 27]
Kidung Ria no 72, ungelipun makaten:
“Dia harus makin bertambah, ku harus makin berkurang.
Nama Yesus saja disembah, ku di tempat paling b’lakang.
Bila Yesus ditinggikan dan salib-Nya dibritakan,
pasti Dia menarik s’mua orang datang kepada-Nya s’karang”
Kidung punika salah satunggaling nyanyian ingkang favorit. Mboten namung karana cekak syairipun lan semangat tempo melodinipun, nanging karana ngemu arti ingkang lebet. Menawi dipun kidungaken dening para bocah tamtu mboten langsung saged mangertos artinipun. Punapa ingkang “bertambah”, lan punapa ingkang “berkurang”?
Nalika Gusti Yesus mratelakake bab sedane, tiyang kathah sami mangsuli bilih Sang Kristus badhe tetep gesang selaminipun (ayat 34). Punika benten kaliyan dhawuhipun Gusti bilih Panjenenganipun badhe kasengkakake ing kajeng salib wonten ing kamulyan lan badhe narik saben tiyang rumaket marang Ngarsanipun. Tiyang kathah sami owel.
Nanging Gusti Yesus paring tuladha bab pasrah miturut karsanipun Allah (ay. 27). Sedaya punika rancangan ingkang sae kagem umatipun. Nanging saged dimangertosi bilih manungsa punika gampil dhawah ing panggodha lan mboten tahan uji. Langkung gampil mbalelo tinimbang legawa. Langkung gampil ngresula tinimbang ndedonga. Kados dene tiyang kathah ing waosan punika ingkang mboten pitados dhateng Gusti Yesus Sang Juru Pepadhang, ingkang pakaryanipun kagem manungsa.
Menawi pitakenan ing ngajeng kalawau kita gatosaken, punapa ingkang “bertambah” kagem Gusti? Ingkang “bertambah” kamulyanipun, pakaryanipun. Punapa ingkang “berkurang” saking manungsa? Ingkang “berkurang” kakarepanipun, kasombonganipun. Awit asring manungsa punika dados sandhungan kamulyanipun Gusti krana dirinipun piyambak ingkang kepengen dimulyakaken. Peladosan lan tumindakipun kagem pados pengalem, nggadhahi motivasi kagem karemenanipun piyambak. Sanes Asmanipun Gusti Allah ingkang kasembah, nanging dirinipun ingkang nyuwun dipuja. Ndherek Gusti punika ndherek karsanipun Gusti, sanes ndherek pikajengipun diri. Amin. [Sv]
“Utami Asmanipun Gusti, sanes mburu pamuja diri ”