Waosan: Efesus 1 : 17 – 19 ǀ Pamuji: KPJ. 81 : 2
Nats: “Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci, …” (Ayat 18).
Manah ingkang resik badhe nglairaken tetembungan lan tumindhak ingkang sae. Pramila saestu kita mbetahaken Gusti Allah ingkang saged madhangi mripating manah kita, supados kita langkung teliti, cetha lan wicaksana anggen kita mirsani lan ngadepi gesang padintenan. Gesang ing jagad punika boten sekedik pambengan lan pacoben ingkang saged ngalang-ngalangi kita nyumerepi bab kaleresan lan sih kamirahanipun Gusti Allah. Manawi manah kita peteng, kita babar pisan ewet ngraosaken kados pundi sihipun Gusti Allah ing gesang padintenan kita. Kados pundi kaliyan gesang kita? Gusti Yesus sampun paring dawuh, Gusti piyambak ingkang saged madhangi manah kita.
Samangke kita gesang ing satengahing pandemi Covid-19. Pangabekti-pangabekti katindakaken ing griya kita piyambak-piyambak. Sakderengipun pandemi, nalika kita sisah kita mbetahaken sedherek ingkang nuweni, lajeng kita saged carios punapa ingkang dados momotaning gesang. Samangke boten saged pinanggih, bilih kepingin wicanten namung saking “HP” kemawon. Dereng malih manawi kita nandhang kacingkrangan, biasanipun kita nyuwun pitulungan dhateng sedherek kita, samangke kedah kita atasi piyambak. Lan taksih kathah malih conto sanesipun prakawis gesang ingkang ndadosaken petenging manah kita. Lan gesang saklajengipun, kita boten saged nyumerepi punapa ingkang badhe kadadosan.
Lumantar waosan punika, kita sami kaengetaken, bilih ndherek Gusti Yesus saestu dados margi kabegjan lan karahayon ingkang sejati. Namung Gusti Yesus ingkang saged ngentasaken kita saking pangwaosing pepeteng. Ndherek Gusti Yesus negesaken dhateng kita bilih kita saweg mlampah ing margi ingkang padhang, ngantos mripating manah kita kapadhangan ing sih lan katresnanipun Gusti. Pramila sampun ngantos kaprihatosan dan kasangsaran ing jagad punika nebihaken kita saking Gusti Yesus. Ing sadhengahing prakawis gesang kita, sumangga tansah ngendelaken Gusti Yesus. Gusti Yesus mesthi paring pitulungan. Kangge kita pandherekipun ingkang setya badhe nampi kabingahan ingkang boten saged sirna, inggih punika pangajeng-ajeng ing bab gesang langgeng peparingipun Gusti. Samangke wekdal ing alam donya punika, kita ginakaken kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan ing sadaya tindhak tandhuk kita sami ngestokaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Amin. [Life].
“Sumangga Gusti, Paduka madhangi mripating manah kula.”