Kêndêl Tenan Pancaran Air Hidup 9 Juni 2020

9 June 2020

Waosan : Ayub 39 : 13 – 25    |   Pamuji  :  KPJ. 177 : 1, 3
Nats
: “Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang” (Ay. 25)

Wiwit turnamen bal-balan jaman Galatama lan Perserikatan nganti sakpunika jaman Liga 1 Shopee, kumpulan tiyang ingkang dados suporter salah satunggaling klub bal-balan punika, sampun kasuwur kêndêl numindhaken punapa kemawon kangge mbelani klub bal-balanipun punika. Kêndêlipun kumpulan tiyang wau sampun kasuwur namung bandha nekad (bonek) mawon, boten kados para pendekar ingkang gadhah kasekten dados cepengan kêndêlipun. Kêndêl bandha nekad (bonek) utawi kêndêl gadhah kasekten, pundi ingkang saged diwastani kêndêl tenan punika?

Nami Ayub (‘iyyôb) saged ngemu suraos “Wonten ing pundi bapa (ilahi)?”, lan ugi kadunungan teges nyuwun pitulunganipun Gusti Allah (Purwa Pustaka, hal. 648). Amargi pacoben ingkang dipuntampi Ayub kalebet awrat, mila Ayub nyuwun pitulunganipun Gusti Allah. Sanadyan wonten bagian Kitab Ayub ingkang mratelakaken Ayub kados nantang Gusti Allah ing bab hukum (pasal 29-31), nanging ing bab waosan dinten punika Ayub saged nguda rasa bilih namung Gusti Allah ingkang nitahaken samukawis lan ingkang ngrimati sedayanipun (pasal 38-39). Kadosdene kewan ingkang gadhah daya lan wantun ngadhepi punapa kemawon (ayat 25), pungkasanipun Ayub rumaos sekeng ing ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi (ayat 37). Dados kêndêlipun Ayub ngantos nantang Gusti Allah ing bab hukum, boten saged kalebet tiyang kang kêndêl tenan ngadhepi kekiyatanipun Gusti Allah.

 Suporter bal-balan kang kêndêl bandha nekad (bonek) saged ugi dados inspirasi sae kangge kita menawi kita bandingaken kaliyan kêndêlipun Ayub ingkang nantang Gusti Allah awit rumaos gadhah kekiyatan ingkang langkung. Bandha nekad paring dukungan kangge tim bal-balanipun ngadepi sinten kemawon ndadosaken kekiyatan kangge tim­-ipun pikantuk kasil sae. Tinimbang kêndêl tenan ngadhepi kekiyatanipun Allah, kasunyatanipun boten wonten punapanipun ing ngarsanipun lan boten dados paseksi ingkang sae ing satengahing gesang kapitadosan kita. (tes)

“Dhuh Gusti, kula nyuwun kêndêl dados seksi Kristus ”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak