Waosan: Mateus 11 : 16 – 19, 25 – 30 | Pamuji: KPJ. 212
Nats: “PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu.” (Ayat 29)
Minangka tiyang sepuh ingkang sampun kagungan putra, kita asring ngengetaken dhateng para putra kita supados boten supe anggenipun sinau. Sinau sadaya punapa ingkang sampun dipun wucalaken bapak/ibu guru ing sekolah. Menawi wonten para putra kita ingkang supe utawi ketingal males sinau, awit saweg dolanan HP kemawon, punapa ingkang panjenengan tindakaken? Mbok menawi kita boten namung sepisan utawi pindho anggenipun ngengetaken, nanging wongsal-wangsul lan anggenipun kita ngengetaken sangsaya dangu sangsaya seru. Menawi para putra taksih kewetan anggenipun sinau, wonten saking tiyang sepuh ingkang ngutus putranipun punika supados ndherek les privat. Pangajeng-ajengipun, para putra saged teman-temen sinau saking guru les privat wau. Boten namung sinau bab ilmu pelajaran kemawon, nanging ugi saged sinau saking pengalamanipun bapak, ibu guru ingkang paring les privat punika. Tiyang sepuh ingkang tumindak kados mekaten punika, prekawis ingkang limrah, supados anggenipun para putranipun sekolah, kasilipun boten nguciwani.
Bilih kita minangka tiyang sepuh saged ngutus para putra kita ndherek les privat dhateng salah satunggaling guru, punapa kita ugi tansah gumregah les privat/ nggeguru dhateng guruning gesang ingkang sejati, inggih punika Gusti Yesus? Nggeguru dhateng Gusti Yesus dados prekawis ingkang wigatos, awit kawontenaning gesang kita ingkang kebak momotan lan pambengan. Cobi kita raosaken! Punapa prekawis ingkang kita adhepi lan raosaken punika kraos entheng? Nyatanipun boten. Kathah sanget pambenganipun, contonipun para putra langkung remen dolanan HP tinimbang sinau. Saestu mbingahaken menawi Gusti Yesus dhawuh, “PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku.” (Ay. 29). Nggeguru dhumateng Gusti Yesus, ateges secara pribadi kita purun nyelak dhumateng Panjenenganipun, mirengaken lan purun nglampahi Pangandikan-Ipun. Satemah kita pikantuk kawicaksanan kangge ngrampungaken sadaya momotaning gesang kita. Amin. [SWT].
“Gusti Yesus Punika Sang Guru Satuhu”.