Waosan : Lelakone Para Rasul 19 : 28 – 40 | Pamuji : KPJ. 441
Nats:“…sabab kaanane kumpulan iku kisruh ora karuwan, kang akeh malah ora padha sumurup apa prelune nglumpuk iku” (ay.32c)
Chaos (dipun waos: kèos) punika gambaran kahanan ingkang rusuh (huru-hara). Tegesipun wonten kahanan ingkang boten saestu cetha nanging saged ndadosaken dredah ing satengahing gesang masyarakat. Saumpami kahanan punika boten enggal dipun tandangi, saged dados risaking nagari. Kahanan ingkang rusuh punika, asring kadadosan nalika kita dereng cetha bab prekawis punapa ingkang kalampahan, nanging informasi ingkang dipun tampi dipun anggep leres sanajan boten dipun check langkung rumiyin, leres punapa botenipun. Punapa malih yen sampun nggadhahi pamanggih piyambak ingkang dipun anggep leres.
Demetrius, tiyang ingkang pangupajiwanipun minangka tiyang ingkang damel pepethan salaka kanggenipun kuil Dewi Artemis, rumaos bilih usahanipun terganggu karana peladosanipun Rasul Paulus, lajeng mbebujuk lan nasaraken tiyang kathah. Mila lajeng wonten ontran-ontran ing Makedonia, wosipun Gayus lan Aristarkhus dados kurban ontran-ontran punika.
Mbok menawi kita asring katut, kenyut karana berita-berita ingkang boten leres. Tegesipun berita ingkang kita tampi punika boten jelas babarpisan. Mila boten heran yen mangke kita ugi dhawah ing salebeting prekawis ingkang njalari kita ngalami pasulayan kaliyan tiyang sanes. Menawi mekaten, punapa ingkang kedah kita lampahi? Ingkang sepisan, menawi nampi berita, kita kedah cetha langkung rumiyin, tegesipun dipun check leres punapa botenipun. Ingkang kaping kalih, berita ingkang kita tampi, kedah dipun penggalih kanthi saestu, dipun raos-raosaken kanthi sanget ngantos kita saestu yakin. Ingkang kaping tiga, sampun ngantos kita malah dados juru-warta ingkang martosaken prekawis ingkang dereng cetha, supados kita boten dipun tuduh minangka “penyebar hoax”, ingkang saged njalari tiyang sanes ngalami pasulayan. [DK]
“Kabar-kabur marai ajur-mumur.”