Waosan: Kohelet 1 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 71 : 1
Nats: “… banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.” (Ayat 2)
Drajad, pangkat, status sarta kamulyan punika prekawis-prekawis kadonyan ingkang dipun upadi manungsa ing donya punika. Menawi sadaya punika saged kita gadhahi kanthi jangkep, kados-kados kita punika mboten badhe ngraosaken sumelang malih. Asring, ingkang dados ukuran kasuksesanipun manungsa punika bab ingkang saged dipun tingali sacara mripat jasmani. Kamangka, sadaya punika sifatipun namung sawetara. Mila sadaya punika mboten badhe dadosaken raos bingah sarta puas ing pigesangan. Prekawis punika sampun kaserat ing Kitab Suci, “…mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.” (Ay. 8).
Kitab Kohelet punika dipun serat dening Prabu Suleman. Kitab Suci nedahaken bilih “Kasugihan lan kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngluwihi sakehing ratu ing bumi.” (1 Para Raja 10:23). Pramila kahananipun Prabu Suleman mboten nate kekirangan satunggal bab punapa. Nadyanta mekaten, prekawis punika mboten dadosaken raos bingah ing manahipun Prabu Suleman. Piyambakipun ngendika, “banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna.” (Ay. 2). Pitembungan punika ngemu sifat pesimistik, kados-kados samubarang ingkang dipun gadhahi, sae kawicaksanan, kamulyan, sarta status-jabatan badhe muspra awit sadaya manungsa badhe pejah. Kenging punapa Prabu Suleman paring wejangan ingkang sifatipun pesimis punika? Punapa piyambakipun ngasoraken berkahipun Gusti? Kitab Kohelet asring damel pitembungan “muspra” punika mboten ateges bilih Prabu Suleman ingkang nyerat Kitab Kohelet punika ngasoraken berkahipun Gusti. Ing ngriki, Prabu Suleman ngengetaken bilih ing antawisipun samubarang ing alam donya ingkang muspra, wonten bab ingkang langkung wigati, inggih punika kados pundi kita manungsa kasagedta nyumurupi pakaryanipun Gusti Allah (3:11).
Samubarang katitahaken endah ing wanci ingkang kapesthekaken dening Gusti, nanging menawi kita mboten nyumurupi pakaryanipun Gusti, sanadyan kita gadhah drajad, pangkat, lan kamulyan, kita mesthi mboten badhe manggihi kabingahan lan katentreman. Sadaya ingkang kita tampi, sae berkah, kahanan, pacoban lsp, sadaya nggadhah “makna” bilih Gusti tansah ngrancang gesangipun manungsa kanthi tentrem rahayu. Pramila, ing maneka warni kahanan, ing lelampahan warsa enggal punika, sumangga kita nyumurupi pakaryan-Ipun Gusti ing gesang kita, awit bab punika ingkang langgeng sarta mboten badhe muspra. Amin. [mojoo].
“Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi.” – Rasul Paulus