Waosan: 2 Para Raja 22 : 3 – 20 | Pamuji: KPJ. 1
Nats: “… sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki, ….” (Ayat 19)
Wonten satunggaling seniman sepuh ingkang manggihaken lukisan lamipun ing gudang. Lukisan punika kebak reged lan sampun risak. Nanging, seniman punika mboten mbucal lukisanipun punika. Lukisan punika dipun resiki, dipun beneraken malih, ngantos kados enggal lan katingal langkung sae. Kados makaten kaliyan gesang kita. Nalika gesang kita risak amargi dosa, Gusti Allah mboten nilar kita. Panjenenganipun karsa nimbali kita malih lumantar sabdan-Ipun.
Waosan kita saking 2 Para Raja 22 nyariyosaken Yosia ingkang dados Prabu Yehuda nalika yuswa enem. Sawijining dinten, ing taun kaping 18 pamrentahanipun, piyambakipun paring printah kangge ndandosi Padaleman Suci. Salebetipun proses punika, Imam Hilkia mendhet Kitab Torah ingkang sampun dangu ical. Nalika Kitab Torah punika dipun waosaken, Prabu Yosia nyuwek rasukanipun minangka tandha tobat lan kesisahanipun ingkang lebet. Piyambakipun lan bangsa Yehuda rumaos sampun tebihipun saking sabdanipun Gusti Allah. Punika momen pamulihan sacara rohani lan moral. Sabdanipun Gusti Allah ingkang kapanggih punika ngigah kawruh, mbentuk malih pamanggih, lan mulihaken hubungan antawis umat kaliyan Gusti Allah. Gusti Allah karsa ngenggalaken manahipun bangsa Yehuda. Nalika sabdanipun Gusti Allah dipun uri-uri malih, Panjenenganipun karsa ngewahi umat-Ipun saking kabodohan dhateng kawicaksanan, saking panyimpangan dhateng kabeneran. Gusti Allah mangsuli pamratobatipun Yosia kanthi welas asih (Ay. 19). Sanadyan paukuman tetep kalampahan awit dosa-dosanipun para leluhur, Yosia lan bangsa Yehuda kaparingan kawilujengan amargi pamratobatipun ingkang tulus.
Dinten punika, kathah tiyang ingkang ngalami “karisakan rohani” amargi gesangipun tebih saking sabdanipun Gusti. Nanging pawarta sae kengge kita: Gusti Allah karsa mulihaken malih gesang kita, kados dene Panjenenganipun mulihaken bangsa Yehuda. Menawi gesang kita risak, bingung, utawi tebih saking Gusti Allah? Sampun ngantos kita kecalan sabdanipun Gusti. Mangga kita panggihaken malih sabdanipun Gusti, kados pangucapipun Juru mazmur: “Nitahaken ati ingkang resik ing kula, Dhuh Gusti Allah, lan enggalaken batin kula ingkang teguh!” (Jbr. 51:12). Amin. [ManYu].
“Kahanan gesang ingkang risak mboten dipun bucal nanging dipun dadosi.”