Waosan: Yesaya 8 : 1–15 | Pamuji: KPJ. 82
Nats: “Nanging Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci; iya Panjenengane iku kang kudu sira wedeni lan ana ing ngarsane iku sira gumetera.” (Ayat 13)
Manungsa punika mboten saged nyumerepi punapa ingkang badhe kalampahan ing gesangipun. Bilih ingkang kalampahan punika prastawa ingkang kebak kabingahan, tamtu sinten kemawon purun nampi kanthi cumadhang. Nanging kados pundi bilih ingkang kadadosan punika prastawa ingkang nggegirisi? Tamtu sinten kemawon mboten siap, ugi mboten purun nampi.
Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Prabu Akhas nalika ngadepi prastawa ingkang nggegirisi. Wiwitanipun bangsa Aram lan Efraim ngajak Prabu Akhas kagem nyatunggil lan ngalahaken bangsa Asyur. Nanging, ajakan punika dipun tolak Prabu Akhas, satemah bangsa Aram lan Efraim ndamel rencana nyerang wilayahipun Prabu Akhas, nggih punika Yehuda. Nyumerepi rencana ingkang awon punika, Prabu Akhas rumaos ajrih lan gumeter kados hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin. Kagem nentremaken manahipun Prabu Akhas, Gusti Allah paring dhawuh lumantar Nabi Yesaya, supados Prabu Akhas tetep ayem, sampun ajrih utawi gumeter, amargi prastawa punika mboten badhe kadadosan. Nanging, dhawuhipun Gusti Allah punika mboten dipun gatosaken kaliyan Prabu Akhas. Piyambakipun milih pados pitulungan miturut pemanggihipun piyambak. Prabu Akhas nyuwun pitulungan dhateng bangsa Asyur. Prabu Akhas mboten nyumerepi bilih prekawis punika ingkang dados jalaran karuntuhan Yehuda lan wilayah sanesipun.
Cariyos Prabu Akhas punika paring pepenget kangge kita sami, bilih gesangipun manungsa punika mboten nate luput saking pacoben utawi prastawa ingkang nggegirisi. Nanging, prastawa ingkang nggegirisi punika saged kita adepi nalika kita pasrah lan pados pitulungan ing ngarsanipun Gusti. Tegesipun, kita pados pitulungan miturut iman lan kapitadosan ingkang tansah kita ugemi, tansah ngupadi lan mbudidaya ing margining Allah. Mugi kita tansah kiniyataken, nalika ngadhepi maneka-werni prastawa ing gesang kita. Mugi kita mboten gampil ajrih, mboten gampil gupuh, amargi kita tansah pitados, wonten Gusti ingkang tansah ngrimati kita sami. Amin. [xie].
“Mohon, Mangesthi, Mangastuti, Marem.”