Satimbang Pancaran Air Hidup 9 Desember 2021

9 December 2021

Waosan: 2 Korinta 8 : 1 – 15 ǀ Pamuji: KPJ. 346A : 1, 2
Nats:
“Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.” (Ayat 14)

Nalika kita tindak dhateng peken, tumbas gula lan tigan, ibu ingkang sadean gula lan tigan punika tamtu badhe taken,”Tumbas pinten kilo?” Lajeng kita mangsuli, “Gula 2 kg, Tiganipun 1 kg.” Ibu punika lajeng nimbang gula lan tigan ingkang kita pesen punika ngangge timbangan. Ukuran antawis gula kaliyan watu timbangan kedah sami, 2 kg. Mekaten nalika nimbang tigan, antawis tigan kaliyan watu timbangan kedah sami, 1 kg. Punika ingkang dipun wastani satimbang, antawisipun barang ingkang dipun timbang kaliyan watu timbanganipun sami.

Pasamuwan Korinta punika dipun wastani pasamuwan ingkang sugih nanging asring kirang peduli kaliyan pasamuan sanesipun ingkang mbetahaken dukungan dana kangge peladosan, nalika semanten pasamuan Yerusalem. Karana punika, Rasul Paulus nyerat layang dhateng pasamuwan Korinta saperlu ngengetaken bab wigatinipun tulung tinulung ing bot repoting pasamuan sanes. Paulus maring tuladha dhateng pasamuwan Korinta supados ningali kawontenanipun pasamuwan Makedonia, sanajan pasamuwan alit nanging ageng sih katresnan lan kapedulianipun dhateng pasamuwan Yerusalem nalika semanten. Sanajan pasamuwan Makedonia ngadepi maneka warni pacoben nanging tetep purun bantu pasamuan Yerusalem. Saking ngriku, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Korinta supados nindakaken kabecikan lan peduli kaliyan pasamuwan Yerusalem. Nats kita nyebataken piwucalipun Paulus kangge pasamuwan Korinta, “Mulane becike saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang.” (Ayat 14)

Salebeting gesang ing pasamuwan punika kedah satimbang. Tegesipun kedah wonten kapedulian ing antawisipun warga pasamuwan setunggal dhateng sanesipun. Ingkang kiyat kedah purun bantu ingkang ringkih, ingkang sugih kedah purun nulungi ingkang kekirangan. Ing minggu Adven punika mangga kita nuladha Gusti Yesus piyambak. Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos karsa ngesoraken Sariranipun manjalma dados manungsa ing Gusti Yesus supados manungsa kawilujengaken. Pramila ing minggu Adven punika, sesarengan kita sami nyawisaken manah kita nyambeti dinten Natal sarana mbudidaya gesang ingkang satimbang. Kita sumadya tulung tinulung ing bot repoting pasamuwan, sarta lados linadosan ing antawising warga pasamuwan. Amin. (AR).

“Supaya urip satimbang, payo ngupadi gesang kang peduli.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak