Aja Mbenjani Janji! Wujudna Kasetyanmu marang Gusti Allahira Renungan Harian 9 Desember 2020

9 December 2020

Waosan : Maleakhi 2 : 10 – 3 : 1 | Pamuji : KPJ. 63 : 1, 2
Nats:
“Awit Ingsun sengit marang pegatan – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel” (Maleakhi 2:16a)

Wonten ing Maleakhi 2, mbabaraken bilih tiyang-tiyang Israel ingkang sesemahan kalian bangsa sanes kathah ingkang sami perakan. Pramila Gusti Allah duka sanget. Sanadyan alasan anggenipun perakan kangge nucekaken gesanging kapitadosan, nanging punapa ingkang sampun kalampahan punika mbenjani janji kasetyanipun, katresnanipun, karukunanipun. Sampun boten saged ngugemi lan mbangun turut pranatan, saha angger-anggeripun Gusti Allah malih. Mekaten ugi lampah gesangipun cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Bab punika saestu mrihatosaken.

Perakan ingkang dipun lampahi dening Israel, nggambaraken lampah nistha klayan maru (selingkuh), pramila Israel sinebat sampun tumindak, cidra, nistha, saha najisaken pasucen ingkang dipun tresnani dening Allah. Bab punika kasebat ing ayat 11, Yehuda tumindak cidra, tuwin panggawe nistha katindakake ana ing Israel lan ing Yerusalem, awit Yehuda wis najisake pasucen kang dikasihi Sang Yehuwah sarta kang dadi anake wadon allah liya. Anggenipun Allah ndukani Israel punika boten ateges Pangeran Yehuwah punika sengit dhateng umatipun, ananging karana Gusti Allah nindakaken katresnanipun. Pangeran Yehuwah boten ngersakaken umatipun manggihi karisakan, dawah ing dosa, awit pituwasipun dosa punika pati (Roma 3:23). Pramila Gusti Allah maringi pepenget supados Israel mratobat kanthi saestu, sampun ngantos tobat tomat, bibar mratobat lajeng kumat. Sampun ngantos lamis, sampun ngantos pangucapipun “inggih”, nanging ing salebeting manah “boten”. Gusti Allah ngersakaken gesangipun Israel dipun lampahi klayan temen lan boten lamis.

Kita pitados bilih Gusti Allah, tansah nandukaken katresnanipun dhateng kita. Mila menawi lampah kita cengkah kaliyan angger-anggeripun Gusti, tamtunipun wonten ingkang badhe ngengetaken. Punapa lumantar pangandikanipun Gusti, lumantar sadherek pasamuwan lan sanes-sanesipun. Punapa malih sapunika kita lumebet ing mangsa Adven, wekdal kangge kita ngenget-enget lan mapag rawuhipun Gusti Yesus. Wekdal kangge kita ngraosaken katresnanipun Gusti ingkang sampun kita tampi. Mila sampun ngantos kita mblenjani janji setya kita dhumateng Gusti. (YK).

 “Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane, temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu” (Wulang Bebasan 3:6)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak