Prasaja Renungan Harian 9 Desember 2019

9 December 2019

Waosan : 1 Tesalonika 4 : 1 – 12  |  Pamuji : KPJ. 222 : 1 – 3
Nats
: “…, supaya wong panunggalanmu ngepek wong wadon siji dadi somahe dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,…” (Ay. 4)

Sedaya manungsa temtu ajeng-ajeng supados saged ngraosaken ayem lan tentrem wonten ing gesangipun. Ananging, boten sedaya tiyang mangertos kados pundi ayem lan tentrem punika saged dipun tampi. Padatanipun, wonten kapitadosan bilih kaayeman saha katentreman saged dipun tampi nalika manungsa ing gesangipun sampun sarwa linuwih. Karana punika kathah tiyang ingkang “boten ngerti wayah” (tidak tahu waktu) anggenipun nyambut-damel. Kamangka, tumindak ingkang kados mekaten (tidak tahu waktu) malah jalari gesang sansaya sayah lan lungkrah. Menawi mekaten, punapa ingkang dados dasar supados gesangipun manungsa tansah ngraosaken ayem lan tentrem? Gesang kanthi prasaja.

Lumantar I Tesalonika 4:1-12, Rasul Paulus paring dhawuh supados para tiyang pitados sami gesang ing kasucen (urip-suci). Pramila, Rasul Paulus ngelingaken dateng para tiyang ing Tesalonika supados nyingkiri laku-cabul (ay. 3), ingkang katindakaken kanthi “…ngepek wong wadon siji dadi somahe dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,…” (ay. 4). Miturut Rasul Paulus, nyingkiri laku-cabul boten namung ateges bab kasetyan, mligi dateng semahipun. Ananging, ugi nelakaken bab kesederhanaan (prasaja). Awit, kanthi gesang ingkang prasaja, para tiyang pitados sami saweg lumampah wonten ing margining Gusti       (ay. 8), margi kasucen lan kasusilan. Langkung saking punika, tumrap sedaya tiyang ingkang gesang prasaja, tamtu badhe nampi kaayeman lan katentreman ingkang pinangkanipun saking Gusti.

Samenika kita sami lumebet ing mangsa Advent II. Mila, ing mangsa menika monggo kita sami nyawisaken manah mapak rawuhipun Gusti Yesus kanthi gesang ingkang prasaja (urip-suci). Sampun ngantos kita nganti-anti rawuhipun Gusti kanthi nindakaken perkawis-perkawis ingkang tanpa gina (srakah/kamurkan/percabulan). Awit, namung kanthi gesang ingkang prasaja, kita saget nampi kaayeman lan katentreman lumantar rawuhipun Gusti Yesus ing alam donya. (7us)

“Payo mapak rawuhipun Gusti Yesus kanthi prasaja!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak