Tresna Marang Sapa? Pancaran Air Hidup 9 April 2024

9 April 2024

Waosan: 1 Yokanan 2 : 12 – 17  |  Pamuji: KPJ. 416
Nats: “Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.” (Ayat 15)

Nalika kebaktian minggu anak lan remaja, pamong ingkang ngladosi, ngajak para anak nyanyi:

“Cari apa di dalam dunia? Cari apa di dalam dunia?
Cari dunia tentu binasa, cari Yesus yang penuh cinta.”

Sasampunipun nyanyi, pamong punika lajeng paring pitakenan, “Urip ing donya iki, kowe kabeh padha tresna marang sapa? Tresna donya iki, apa tresna Gusti Allah?” Lagu punika pancen singkat nanging kagungan makna ingkang ageng sanget. Lumantar lagu punika anak-anak dipun engetaken supados mboten namung mburu donya brana, tresna lan rumaket kaliyan donya. Awit sedaya ingkang wonten ing donya punika mboten langgeng, namung katresnanipun Gusti ingkang langgeng. Pramila anak-anak dipun ajak supados saged rumaket kaliyan Gusti Allah ingkang kebak katresnan.

Rasul Yokanan ing waosan dinten punika ngemutaken bab tresna dhateng Gusti kedah langkung ageng tinimbang tresna dhateng samubarang ingkang wonten ing donya punika. Kasebataken dening rasul Yokanan bilih pepenginan daging, pepenginan mripat, saha gunging ngaurip punika ingkang ndadosaken kita langkung nresnani donya lan ndadosaken kita tebih kaliyan Gusti Allah. Tamtu limrah bilih kita kagungan pepenginan gesang punika. Nanging pepenginaning daging tamtu badhe cengkah kaliyan karsanipun Allah. Umpaminipun hawa nepsu. Sejatosipun punika sae bilih dipun lampahi ing hubungan perkawinan, nanging bilih dipun tindakaken kaliyan tiyang sanes ingkang mboten nggadhah ikatan perkawinan tamtu punika dosa. Mekaten ugi pepenginan mripat nalika kita ningali kagunganipun tiyang sanes lajeng tuwuh raos kepengin nduweni, mripat punika ndadosaken kita dhawah ing dosa. Ingkang pungkasan inggih punika bab gunging urip. Sedaya ingkang kita tampi ing gesang punika peparing saking Gusti. Pramila bilih kita gumunggung lan rumaos sedaya punika asil kita piyambak, punika ugi saged ndadosaken kita dawah ing dosa.

Samangke, nalika kita nampi pitakenan langkung tresna sinten? Tresna dhateng donya punapa tresna dhateng Gusti Allah? Sumangga kita pilih langkung tresna dhateng Gusti. Kita wujudaken katresnan kita srana mbangun turut dhateng timbalanipun sarta nindakaken karsanipun salebeting gesang kita. Amin. [GW].

 “Nresnani lan rumaket kaliyan Gusti nuwuhaken tentrem rahayu ing manah.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak