Bacaan : Lelakone Para Rasul 4 : 23 – 31 | Pamuji : KPJ. 113
Nats: “Dene samenika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka.” (Ayat 29)
“…Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah, sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah…” Seratan menika perangan sekedhik saking KPJ. 113:1. Pepujian menika asring sanget kita ulukaken wonten ing tumindhaking pangabekti-pangabekti ing pasamuwan. Ananging Menapa kita saged saestu mangertosi tegesipun, menapa malih nindhakaken tegesipun pepujian menika wonten ing salebeting pigesangan kita? Karana pepujian menika nggadahi makna ingkang miturut lebet sanget, kados-kados boten sadaya tiyang saged ngimani Menapa malih nindhakaken pepujian menika ing salebeting gesang padintenan.
Kathah tiyang anggenipun ndedonga ing ngarsanipun Gusti, nyuwun supados gesangipun tansah tinebihaken saking marupi-rupinipun pambengan, sampun ngantos kabeta dhateng perkawis-perkawis ingkang mbeta kasisahan, sageda tansah nampeni kamulyanipun gesang. Ananging, tiyang ingkang nyerat pepujian menika paring pangajak supados anggenipun kita ndedonga sampun kita nyuwun dhumateng Gusti kauwalaken saking pambengan, nanging cekap nyuwun kekiyatan kemawon supados saged tahan anggenipun ngadhepi kasisahan.
Saestu nengsemaken waosan Dhawuh Pangandikanipun Gusti ing dinten menika, ing pundi para Rasul ndedonga dhumateng Gusti nyuwun supados dipun paringi kekendelan anggenipun ngadepi bangsa-bangsa ingkang sami nglawan dhumateng Gusti. Mbok menawi saged kemawon para Rasul kalawau nyuwun supados Gusti nebihaken mengsah-mengsahipun sakklebatan kemawon, supados pawartosipun Injil saged sumebar kanthi lancar. Ananging ingkang dipun suwun para Rasul namung supados dipun paringi kekendelan kemawon. Para Rasul kadosipun sadar bilih pambengan-pambengan ingkang wonten menika kedah tetep dipun adhepi boten ngandelaken daya kakiyatanipun manungsa, ananging ngandelaken kakiyatan lan pitulunganipun Gusti Allah. Kita kedah purun ngakeni karingkihan kita lan sumendhe dhateng Gusti. Sumangga kita saged nuladha Para Rasulipun Gusti menika. (YEP)
“Pambengan menika mangga dipun adhepi, sampun ngantos dipun tebihi ”