Waosan: Rum 4:1-12 | Pamuji: KPK 24:1,5.
Nats: “Sabab apa kang kapratelakake ing ayating Kitab Suci? “Rama Abraham banjur pracaya marang Gusti Allah, lan iya bab iku kang kaetang dadi kabeneran tumrap panjenengane dening Gusti Allah.” (ayat 3)
Pracaya (pitados) menika satunggaling perkawis ingkang sampun kulina sanget tumraping tiyang Kristen. Pracaya dados landhesan lan punjering gesangipun tiyang Kristen. Pracaya dados sarat kangge nampeni karahayon gesang langgeng saking Gusti. Pitados dhumateng Gusti Allah menika dados karsanipun Gusti Allah. Pitados dhumateng Gusti Allah menika mranani penggalihipun Gusti Allah, mbingahaken manahipun Allah. Nanging kapitadosan ingkang dados mekaten menika kedah kados dene kapitadosanipun Rama Abraham dhumateng Gusti Allah. Menika ingkang dados pitedahipun Rasul Paulus dhateng warganing pasamuwan ing Rum. Kados pundi menggah kapitadosanipun Rama Abraham dhumateng Gusti Allah menika?
- Rama Abraham yakin bilih Gusti Allah menika maha mirsa, temah nguningani menapa ingkang prayogi kagem umatipun. Gusti Allah boten badhe nate klintu miji perkawis utami kangge umatipun.
- Rama Abraham yakin bilih Gusti Allah pirsa papan pundi ingkang prayogi kagem umat pepijianipun. Panjenenganipun nyawisaken papan sae tumrap umatipun.
- Rama Abraham yakin bilih Gusti Allah pirsa kanthi sayektos margi prayogi ingkang kedah kaambah dening umat kagunganipun tumuju dhateng gesang ingkang mulya.
Saking kapitadosan ingkang yakin teguh menika lajeng Rama Abraham kersa nglampahi printah lan karsanipun Allah. Tanpa mangu-mangu, ajrih utawi kuwatos Rama Abraham nilaraken tanah tumpah darahipun ing Ur-Kasdim tumuju dhateng tanah prajanjinipun Allah, nadyan dereng kasumurupan dening Rama Abraham.
Kados pundi kapitadosan kita? Menapa sampun saged katampi dening Gusti Allah minangka tiyang ingkang nglampahi karsanipun Allah? [st]
“Yakin lan nglakoni karsane Gusti, iku wosing pracaya.”