Waosan : Markus 8: 1 – 10| Pamuji : KPJ 342
Nats: “Para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan ingkang sepi makaten ingkang kangge nedhani tiyang-tiyang punika ngantos tuwuk?” (ayat 4)
Kangge para nem-neman, mirengaken cariyosipun priyantun sepuh ingkang tansah dipunambali saben pepanggihan menika nuwuhaken raos bosen. Mekaten ugi tiyang ingkang nyuwun pitedah dhateng priyantun ingkang langkung mangertos. Sanadyan sampun kaparingan pangretosan kanthi cetha, benjing lan sanes wekdal taksih kemawon ngaturi pitakenan malih bab pangretosan kala wau. Tamtunipun nuwuhaken pitakenan ing salebeting manahipun priyantun ingkang maringi pangretosan: “Jare wes ngreti, kok takon maneh!”, “Wingi wis padha mirsani contone, kari nindakake conto mau kok isih nyuwun pirsa maneh!” Umpami panjenengan ingkang nampi pitakenan ingkang sami, saking tiyang ingkang sami, kadospundi raos manah panjenengan?
Waosan kita samangke, nyariosaken anggenipun Gusti Yesus nindakaken mukjizat maringi tetedhan dhateng tiyang kathah. Menika mukjizat ingkang kaping kalih. Mukjijat sepisan, Gusti paring dhahar 5.000 tiyang, samangke paring dhahar dhateng 4.000 tiyang. Sanadyan sampun mirsani kanthi setiti nalika Gusti Yesus nindakaken mukjizat ingkang sepisan, para sakabat taksih kemawon ngunjukake pitakenan dhateng Gusti Yesus. Pitakenanipun bab kadospundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan ingkang sepi kangge maringi tetedhan tiyang kathah punika ngantos tuwuk. Punapa nggih sampun kesupen wong dereng dangu anggenipun sami ngalami bilih Gusti Yesus ngatingalaken panguwaosipun srana nindakaken mukjijat ingkang ngeram-eramaken. Punika nedahaken bilih para sakabat taksih dereng saged mangretosi panguwaosipun Gusti Yesus.
Punapa kita ugi taksih mekaten? Taksih kemawon ngunjukake pitakenan ingkang sejatinipun boten prelu kita aturaken dhateng Gusti Yesus. Punapa kita sampun kesupen bilih panguwaosipun Gusti Yesus punika ngeram-eramaken? Mbok bilih kita prelu mriksani dhiri kita kanthi ngenget-enget berkah punapa kemawon ingkang sampun kita tampi salebeting gesang punika. Prekawis lan momotan gesang kadospundi ingkang sampun dipun luwari dening Gusti Yesus. Satemah kita boten prelu ngaturi pitakenan ingkang sami malih dhateng Gusti Yesus. (rinadi)
“Cupeting pangandel, namung nedahaken wangkoting dhiri.”