Allah Kang Dakpuji Pancaran Air Hidup 7 September 2024

7 September 2024

Waosan: Jabur 146 : 1 – 10  |  Pamuji : KPJ. 71
Nats: “Aku bakal ngluhurake Sang Yehuwah sajegku urip, Allahku bakal dakpuji kalawan masmur sajrone aku isih ana.” (Ayat 2)

Duk nyipati gung pakaryaning Gusti, lintang abyor ing dalu kang sepi,
wah gumleger ing gludhug ing akasa, kula ngungun gunging kamulyanta.
Nyawa kula gya sumyak sung puja, yekti Allah mahakwasa.
Nyawa kula gya sumyak sung puja, yekti Allah mahakwasa.

Tamtu asring kita ngidungaken pepujen punika. Pepujen saking KPJ. 71 utawi ingkang dipun tepangi mawi basa Indonesia: “Bila Kulihat Bintang Gemerlapan.” Lirik pepujen punika kaserat dening Carl Gustaf Boberg ingkang ngalami pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngeram-eramaken lan ngatag dhirinipun kangge memuji asmanipun Gusti kanthi sukarena. Salajengipun, paseksi punika katampi lan karaosaken sanyata dening Stuart Hine, satemah dados pepujen ingkang kita tepangi sapunika.

Ing Jabur 146, Juru Mazmur nedahaken pangaken pitados lan komitmenipun tansah ngluhuraken Gusti, awit piyambakipun ngalami pakaryan Gusti Allah ingkang agung. Kaserat dening Juru Mazmur bilih piyambakipun ngraosaken namung Gusti Allah kemawon tuking pitulungan, pangayoman, welas-asih saha Raja ingkang jumeneng salami-laminipun. Namung Gusti Allah ingkang dados Pangungsen ingkang paring karahayon sejati (Ay. 3). Namung Gusti Allah kemawon, manungsa saged luwar saking sakathahing piawon, panindhes, lan kunjara.

Paseksi Juru Mazmur punika ngundhang dhateng kita supados kita tansah masrahaken gesang kita dhumateng Gusti Allah. Pramila, nalika kita samangke saweg nyanggi momotan gesang, ngadhepi ruweting gesang, katempuh prahara, namung dhumateng Gusti Allah anggen kita nyuwun pitulungan. Menawi pancen mbetahaken pitulungan tiyang sanes utawi sesami, mboten punapa. Nanging ingkang wigati, kita kedah enget bilih tiyang sanes punika saderma lantaran pakaryanipun Gusti Allah. Namung Gusti Allah ingkang saged maringi karahayon ingkang sejati. Sumangga kita tansah pitados lan ngandelaken Gusti Allah, awit namung kaliyan Gusti Allah kemawon, kita saged nglangkungi sedaya pambengan sarta nampi pangluwaran ingkang sejati. Kadosdene Carl Gustaf Boberg lan Juru Mazmur, kita badhe kaeraman dhumateng pakaryan-Ipun saha ndadosaken kita tansah memuji lan ngluhuraken asma-Nipun Gusti Allah. Amin. [AW].

“Jiwaku tansah memuji Gusti karana pakaryanipun ingkang ngeram-eramaken ing gesang kula.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak