Waosan : Pangentasan 12 : 16 – 28 | Pamuji : KPJ. 109 : 1, 2
Nats: “… Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” (Ay. 27)
Salah setunggaling pelajaran lare sekolah ingkang miturut kula radi ewet inggih punika sejarah. Kenging punapa? Karana sinaunipun kanthi apalan. Lare sekolah kedah ngapalaken nami tokoh-tokoh, kedadosan-kedadosan ingkang kelampahan, wekdalipun kedadosan ing wekdal rumiyin. Senajan ewet toh pelajaran sejarah saged mbangun raos nasionalisme, semangat kebangsaan. Kita saged sinau lan nuladhani para pahlawan ingkang sampun ngorbanaken nyawanipun kangge kamardikanipun Indonesia. Karana punika nalika sinau sejarah boten cekap maos namung sepisan langsung saged apal lan mangertos isinipun, nanging kedah dipun waos bola-bali, saged ping tiga, ping gangsal ngantos kita enget, apal lan mangertos temen.
Kados sinau sejarah, waosan kita nyariosaken dawuhipun Gusti Allah dhateng bangsa Israel nalika badhe medhal saking Mesir. Nalika semanten Gusti Allah ngandika dhateng bangsa Israel lumantar Musa supados bangsa Israel nindakaken Paskah ingkang dados tetenger nalikaning bangsa Israel medal saking Mesir. Saben brayat, saben griya kedah nyawisi cempe lanang setunggal. Rahipun cempe punika kedah dipun kausarna ing dhempelipun kori ing sisih kiwa tengen lan inggilipun. Bab punika dipun tindakaken supados nalika malaikatipun Gusti Allah mirsani rah mendha kalawau, griyanipun bangsa Israel dipun langkungi saking wewelak. Pangibadah Paskah punika ingkang lajeng kedah dipun wucalaken dumateng anak lan tedhak turunipun bangsa Israel kangge mengeti pakaryanipun Gusti Allah ingkang ngentasaken lan nulungi bangsa Israel saking jajahan bangsa Mesir.
Dados tugas lan tanggeljawab kita sedaya gulawentah para putra kita ing piwucalipun Gusti Allah. Boten namung sepisan, boten namung cekap masrahaken dhateng greja utawi sekolah, nanging kanthi sadar lan bingah kita gulawentah para putra kita. Kita puran bola-bali anggenipun mucal anak-anak kita, boten angsal bosen, punapa malih nyerah. Mangga kados bangsa Israel ingkang tansah gulawentah anak-anakipun sarana piwucalipun Gusti, mekaten ugi kita inggih gulawentah anak-anak kita kanthi saestu. Mangga kita wucalaken punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti Allah kados ingkang sampun sinerat ing Kitab Suci. (AR).
“Pangandikanipun Gusti ingkang wonten Kitab Suci punika saestu sumbering gesang kita”