Pengalaman Punika Guru Pancaran Air Hidup 7 Oktober 2021

7 October 2021

Waosan: Ibrani 3 : 7 – 19 l Pamuji: KPJ. 123 : 1, 2
Nats:
“… aja padha mangkotake atinira, kaya anane panggrundel, ing nalika jaman panyoba ana ing pasamunan, …” (Ayat 8)

Merry Riana punika salah setunggaling motivator Indonesia ingkang sampun misuwur ing papan pundia kemawon. Pendamelanipun inggih punika paring motivasi kangge kathah tiyang ingkang ngraosaken semplah lan nglokro. Sedaya tembung ingkang dados motivasi-nipun punika dipun serat ing buku cetakan, dipun rekam lajeng dipun bagiaken ing youtube. Piyambakipun ugi ngawontenaken seminar-seminar. Merry Riana piyambak saged sukses karana piyambakipun nate semplah ing gesangipun. Mila wonten tembung “pengalaman punika guru”, ingkang gadhahi teges: manungsa ingkang purun sinau saking pengalaman gesangipun, piyambakipun badhe pikantuk kasil ingkang sae, karana piyambakipun purun mbikak pikiran lan manahipun. Piyambakipun purun ngowahi sikap gesangipun ingkang awon dados sae.

Kawontenan ingkang kados mekaten punika, benten kaliyan kawontenan bangsa Israel ing waosan kita. Bangsa Israel mboten purun sinau saking pengalaman gesangipun ingkang lami kados para leluhuripun. Bangsa Israel taksih remen tumindak gesang ingkang awon, nggadahi manah ingkang wangkot, lan kebak panggrundel nalika ing pasamunan. Pengalaman para leluhuripun nalika 40 taun ing pasamunan mboten dadosaken tedhak turunipun bangsa Israel punika sadar tumrap gesangipun ingkang lepat. Bangsa Israel mboten purun sinau saking pengalaman, awit taksih gesang ing salebeting dosa. Prekawis ingkang kados mekaten punika ingkang dadosaken Gusti Allah duka dhumateng bangsa Israel.

Kangge kita, para umat kagunganipun Gusti, kita sampun kaparingan kawilujengan gesang lumantar Rah kurbanipun Gusti Yesus. Bilih kita ningali kawontenan gesang kita ingkang lami, gesang kita kebak ing dosa, saestu dadosaken kaprihatosan. Gusti Allah ingkang paring pangluwaran dhateng bangsa Israel inggih Gusti Allah ingkang ngrimati gesang kita. Karana punika, nalika kita rumaos bilih sedaya rancangan ingkang sampun katata punika gagal, gesang bebrayatan kita gagal, usaha kita gagal, lsp, mangga sedaya punika kita dadosaken guru ingkang sae kangge kita nglampahi gesang salajengipun. Kita nindakaken gesang enggal lan purun sinau saking pengalaman minangka guru ingkang sae salebeting gesang kita. Amin. [dea].

 “Setiap kegagalan membawa satu benih kesuksesan.” (Merry Riana)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak