Eling lan Waspada Renungan Harian 7 Oktober 2020

7 October 2020

Waosan : Pangandharing Toret 6 : 10 – 25    |   Pamuji : KPJ. 452 : 1, 2, 4
Nats
: “Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangéran Yehuwah, Gusti Allahmu lan anggonmu sumpah iku demia Asmané.” (Ay. 13).

Wonten paribasan Jawi ingkang endah sanget, “Sak begja-begjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lan waspada”. Ukara punika ngemu teges bilih, ngadhepi kahanan gesang ingkang boten kanten-kantenan, kathah reribet lan pakewet, taksih langkung sae menawi tansah eling lan waspada. Kenging punapa kita kedah eling lan waspada? Amargi gesang ing donya punika, kathah panggodha lan pacoben, menawi boten eling lan waspada, kita saged dhumawah ing dosa. Punapa ingkang saged ndadosaken kita dhumawah ing dosa? Punapa setan, iblis, gendruwo, maklampir? Punapa bandha donya, pangkat  lan drajat?

Waosan ing wekdal punika, mratelakaken bangsa Israel ingkang katuntun uwal saking negri pangawulan Mesir, tumuju negri Kanaan. Gusti Allah prajanji, bilih bangsa Israel bakal tangkar tumangkar lan manggen ing tanah ingkang luber puwan lan madu. Amargi katresnanipun Gusti Allah, bangsa Israel nampi kanugrahan, ginanjar wilujeng lan kebak berkahipun Gusti. Bab punika sampun kabukti nyata, Gusti Allah ngreksa, ngrimati sarta nuntun bangsa Israel ing ara-ara samun. Kanthi kebak panguwaos lan mujizat saking Gusti Allah, bangsa Israel pikantuk kawilujengan. Pramila, sak derengipun dumugi tanah Kanaan, Gusti Allah lumantar Nabi Musa, paring pangenget kangge bangsa Israel. Menawi sampun dumugi tanah Kanaan ingkang luber puwan lan madu, sampun pinaringan pakebonan anggur lan jaitun, samangsa sampun nedha ngantos wareg, sampun ngantos kesupen dhateng Sang Yehuwah ingkang sampun ngentasaken Israel saking tanah Mesir. “Kowe wedi asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu. Aja ngetut buri allah liya liyane, awit Allah iku butajengan.” (cemburuan)

Kanthi Sabda Pangandika punika, Gusti ngersakaken supados bangsa Israel tansah enget lan setya tuhu manembah ing Gusti. Amargi sampun binerkahan, sampun nampi kahanan ingkang becik, sampun ngantos supe lan nilar Gusti. Mekaten ugi gesang kita sedaya, sampun ngantos kelu ombyaking donya. Ing sedaya kahanan, bingah lan sisah, sumangga kita tansah setya ing Gusti, eling lan waspada. Satemah kita tansah binerkahan dening Gusti. (ji).

 “Brahala ing jaman sak mangke, saged arupi bandha donya lan kahanan ingkang sae”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak