Ngupadi Keadilan Renungan Harian 7 Oktober 2019

Waosan :  Habakuk 1 : 5 – 17 |  Pamuji :  KPJ 67
Nats : “Bangsa iku medeni lan nggegirisi, pangadilan lan kaluhurane iku asale saka awake dhewe” (Ay. 7)

Saiba dennya mbingahken, yen ing sajagad wrata
Kaadilan kang sanyata, sayekti binabarna
Srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus
Sagung tumitah raharja, rinoban sih rahmatnya (KPK 104:1)

Umpami pepujian saking KPK 104:1 ing inggil punika saged dipun lampahi ing gesang kita padintenan, tamtu gesang ing jagad punika saestu mbingahaken. Karana wonten kaadilan, katresnan lan karaharjan ingkang ndadosaken sadaya titah rinoban sih rahmatipun Gusti Allah. Ing pepujian wau ugi dipun gambaraken jagad dados Pirdus. Heem….saestu nengsemaken. Ananging bilih kita ningali kasunyataning gesang kita saben dinten, taksih kathah tiyang ingkang mboten saged ngraosaken kaadilan punika.

Ing waosan punika nabi Habakuk sambat utawi nggresula wonten ngarsanipun Gusti Allah awit piyambakipun mirsani bilih ing salebeting gesangipun bangsa Yehuda kathah tumindhak ingkang mboten cundhuk kaliyan karsanipun Gusti, inggih punika; panganiaya, piawon, ambeksiya, pangroda peksa, pasulayan, angger-angger ical kekiyatanipun lan mboten wonten malih kaadilan (1:2-4). Mirsani kawontenan punika, Gusti Allah lajeng ngagem lan ngutus tiyang Kasdim kangge njejegaken kaadilan wonten ing gesangipun bangsa Yehuda. Awit tiyang Kasdim punika kekiyatanipun ngungkuli saliring bangsa (ay. 7-11). Nanging punapa ingkang dipun tindhakaken tiyang Kasdim anggenipun njejegaken kaadilan wau kebacut karana ngendelaken kekiyatanipun piyambak (ay. 11). Bab punika nuwuhaken pitakenan lan ugi “protes” nabi Habakuk bab kaadilanipun Gusti Allah. Nabi Habakuk ngraosaken ketingalipun Gusti Allah ngudaneni tiyang ingkang sami lampah cidra saha namung kendel kemawon, kamangka ingkang nindhas punika tiyang ingkang mboten setya wonten ngarsanipun Gusti Allah lan mboten nggadahi welas asih. (ay. 12-17).

Saking cariyos punika kita pikantuk piwucal:

  1. Saben tiyang tamtu remen sanget nampi tumindhak ingkang adil. Pramila, sumangga kita tansah njejegaken keadilan ing salebeting gesang kita. Sae punika ing salebeting gesanging brayat, masyarakat, pedamelan lan ugi peladosan temahan sadaya titah rinoban sih rahmatipun Gusti Allah.
  2. Gusti Allah punika Mahakawasa lan Mahaadil, temah saged ngagem utawi ngutus sinten kemawon kangge njejegaken kaadilan. (Gimbul)

“Eling, Gusti Allah iku Mahaadil”

 

Bagikan Entri Ini:

  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •